Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang Edisi No. 20 Sabtu Legi, 13 Okt 2018)
Udan riwis mau sore
kaya nyepetake tekane wayah
bengi
Werna cerah ana langit wis
ilang
Selimut peteng saiki wiwit teka
Aku
dhewe ana pantai Kenjeran
Ngadeg
dheleg-dheleg ana dermaga
Nyawang
laut kanthi rasa lara sajroning dhadha
Manuk-manuk
camar katon mbalik nyang sarang
Bener,
dina pancen wis bengi
Elang?
Wis setaun awake dhewe ora
bebarengan
Nanging tetep bae, sayang
Ing papan kene jenengmu ora
bisa ilang
Senajan saiki kowe wis nduwe
sisihan
Aku ora bisa nglalekake
kembang-kembang katresnan jaman
semana
Aku isih kelingan kandhamu mbiyen, Elang
Kandhamu, sing jenenge sejarah ora bisa ilang
senajan jaman terus berkembang
Apa sejarah-e awake dhewe ya ora bisa ilang?
Pantai
Kenjeran, Juni 2017

Komentar
Posting Komentar