Dening
: Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang No. 7 Sabtu
Wage, 13 Juli 2019)
“Angga, sangu maeme daklebokake njero tasmu ya.” swarane ibune Angga esuk
iku sadurunge Angga budhal sekolah.
Angga sing isih sarapan
sega goreng lawuh endhog ceplok mung meneng bae. Praupane loyo, ora nduwe
semangat.
“Ngga, ngapa kok kowe
ora semangat? Apa kowe lara?” pandangune ibune Angga.
Angga isih meneng bae.
“Ngga,
kowe ki sabenere ana masalah apa? Mbok omong ngono lo. Yen kowe meneng bae, ibu
dadi bingung.”
Angga
wis mari anggone maem sega goreng. Dheweke njur ngombe teh anget saka cangkir
ana sacedhake. Teh anget iku digawe ibune nalika Angga isih adus mau.
“Ibu ora nambahi dhuwit
jajanku,” semaure Angga.
Ibune
Angga ambegan landhung. “Ngga, ibu bisa nambahi dhuwit jajanmu, nanging taun
ngarep, ora saiki. Amarga gajine ibu karo bapak lagi bisa tambah yen awal
taun...”
“Ibu
ora niyat nambahi...” semaure Angga karo mripate mlorok.
“Taun
ngarep mung kurang seminggu maneh, ngga. Sasuwene iki dhuwit jajanmu lak wis
akeh. Kowe bae sing boros nalika jajan,”
Saiki lambene Angga
malah mecucu. “Rega-rega jajan ana sekolah akeh sing mundhak, bu. Aku dadi ora
bisa jajan akeh maneh,”
“Entenana
seminggu bae,” wangsulane ibune Angga.
Angga njur nyalim lan
ngambung astane ibune, pratanda wis siyap budhal nyang sekolah. Ibune mung
gedheg-gedheg ngrasakake Angga sing boros anggone jajan.
Angga budhal sekolah
numpak sepedha. Sadurunge nyengklak ana sepedha, lambene Angga isih mecucu.
Dheweke nesu amarga panjalukane tambah dhuwit jajan wiwit seminggu kepungkur
ora dituruti ibune. Angga ngono murid kelas 4 SD. Angga bocah sing pinter,
sregep, lan ora nakal, nanging boros. Dhuwit jajan njaluke akeh, kamangka saka
omah wis digawani sangu maem karo ibune.
***
“Ngga,
ayo tuku penthol daging nyang kantin-e bu Marni,” pangajake Revan, kanca
sakelase Angga, nalika jam ngaso ana sekolah.
Angga
kelingan yen rega penthol daging mundhak, lan dheweke durung antuk tambahan
dhuwit jajan. Yen dhuwit jajan-e sing ana dianggo tuku penthol daging, dhuwit
jajan-e bakal entek ora ana sisane. “Aku dina iki ora jajan, van.” semaure
Angga rada abot, amarga sabenere dheweke ya kepengin tuku penthol daging.
“Kowe ngajako
kanca-kanca liyane bae ya,” semaure Angga maneh.
“Ya
wis. Aku dakngajak kanca-kanca liyane,”
Angga mesem krungu
jawabane Revan.
Bubar Revan metu saka
kelas, Angga mandengi Faris sing isih ana njero kelas. Faris katon mbukak
kotak. Angga penasaran iku kotak apa, mulane dheweke nyedhaki bangkune Faris
karo nggawa kotak maem-e...
“Kowe
gak jajan, ris?” pitakone Angga nalika Angga wis lungguh ana cedhake Faris.
Faris
mesem marang Angga. “Gak, ngga. Sasuwene iki aku jarang jajan ana sekolah.
Karone ibuku lak wis nggawani aku sangu maem iki...”
Angga
mandengi kotak sing dibukak Faris mau. Jebul isi kotak iku sangu maem-e Faris.
Angga kaget nalika ngerti isi kotak maem-e Faris sega putih, tempe, lan sambel
teri. Beda banget karo isi kotak maem-e dheweke sing isine sega putih, mie
goreng, 3 urang goreng, lan endhog dadar. Sangu maem-e Angga luwih enak
tinimbang sangu maem-e Faris.
“Faris,
ijol-ijolan lawuh, yuk.” pangajake Angga marang Faris.
“Lawuhku
mung tempe karo sambel teri. Hla lawuhmu enak-enak ngono, ngga. Kan ora imbang,
tapi njomplang.” Faris njur ngguyu.
Angga
melu ngguyu krungu jawabane Faris. “Ora masalah. Aku pengen ngicipi sambel
teri-mu. Ibuku jarang nggawe sambel teri,”
“Ya
wis. Ayo. Iki sambel teri gaweyane ibuku,”
Faris
menehake separo sambel teri-ne kanggo Angga. Angga menehake 1 urang goreng lan
separo mie goreng-e kanggo Faris. Kekarone njur ngrasakake lawuh asile ijolan.
“Sambel
teri-ne enak,” kandhane Angga bubar ngrasakake sambel teri-ne Faris.
“Dakkira
rasane sambel teri-ne ibuku ya ngono-ngono bae.”
“Iki
amarga aku jarang maem sambel teri. Mula rasane dadi enak, ris.”
Ganti Faris sing
ngrasakake urang goreng-e Angga. “Urang gorengmu ya enak, ngga.” Faris meneng
sedhela. “Iki amarga aku jarang maem urang goreng.”
Kekarone njur ngguyu
kemekelen.
“Kena ngapa kowe jarang
jajan ana sekolah, ris?” pitakone Angga marang Faris.
“Bapakku
kerja serabutan, dene ibuku penjahit. Gajine kerja serabutan karo njahit ora
bisa tetep. Apa maneh iki sepi pesenan njahit. Masku saiki kelas 3 SMP,
nyedhaki ujian kelulusan. Masku sing kelas 3 SMP butuh ragad luwih akeh
tinimbang aku sing kelas 4 SD. Apa maneh yen mengko masku mlebu SMA, mesthi
ragade tansaya akeh. Mulane aku jarang diwenehi dhuwit jajan karo bapak ibuku. Luwih
apik dhuwit jajanku dianggo tambah-tambah kebutuhan saben ndina ana omah...”
Krungu jawabane Faris,
Angga ngrasa salah marang ibune. Yen dibandhingake Faris, dheweke jelas luwih
menak. Wis antuk dhuwit jajan, isih ditambah sangu maem saka omah sing lawuhe
enak-enak. Apa maneh dheweke anak tunggal, lan bapak ibune kerja kabeh.
***
Seminggu
sabanjure, nalika Angga arep budhal nyang sekolah...
“Ngga,
iki tambahane dhuwit jajanmu...” Ibune Angga ngulungake tambahan dhuwit jajan kanggo
Angga.
Angga
ora gelem nampa. “Angga wis ora perlu tambahan dhuwit jajan, bu.”
“Hla
kena ngapa, ngga?
“Angga beja bisa antuk dhuwit
jajan karo sangu maem sing lawuhe enak-enak. Kancane Angga ana sing jarang
antuk dhuwit jajan lan sangu maem-e lawuhe prasaja.”
“Kowe
tenan ora gelem nampa iki?”
Angga
gedheg-gedheg, njur mesem. Ora let suwe ibune dirangkul.
Ibune Angga mesem kebak
rasa seneng. “Ibu melu seneng krungu keputusanmu. Artine kowe wis ngerti kepriye
kahanane pawongan sing ora semenak awake dhewe...”
(Cuthel)

Komentar
Posting Komentar