Dening
: Naima Janatin Akbar
(kapacak ing Majalah Jayabaya No. 25 Minggu III Februari 2019)
(kapacak ing Majalah Jayabaya No. 25 Minggu III Februari 2019)
kanggo
: kanca SMA-ku lan kabeh sing nate ngalami jaman romansa ing SMA
Februari 2012, minggu kapisan
Iki mancik sasi kawolu
anggone Melia lungguh ing bangku kelas 11-IPA-5. Nanging iki lagi mancik
anggone dheweke nglakoni crita romansa ing jaman SMA, sing jarene wong-wong
ngono jaman putih abu-abu lan jaman sing paling endah. Apa iya?
Dina Selasa, bubar jam pelajaran
olahraga. Kira-kira jam sanga luwih seprapat. Melia isih nganggo kaos olahraga.
Tangane nggawa seragam sekolah. Dheweke lan lima kanca wadon sakelase age-age
tumuju jedhing, arep ganti seragam sekolah. Melia lagi bae rong jangkah metu saka
kelas, ana sing kandha banter...
“Mel... Melia...”
Melia mengo menengen nyang
asale swara. Iku suarane Ardi, kanca sakelase sing isih nganggo kaos olahraga.
Praupane Ardi ngguya-ngguyu, ndadekake Melia bingung.
“Salam tresna saking
kangmas Ayas kangge dek Melia.” kandhane Ardi.
Geeerrrr...!
Kanca-kanca lanang sakelase Melia ing mburine Ardi, ya sing isih padha nganggo
kaos olahraga, ngguyu kemekelen kabeh. Kanca-kanca wadon sakelasku sing ana
njero kelas ya padha melu ngguyu krungu kandhane Ardi iku.
“Halah gombal,”
semaure Melia.
“Iki tenan. Ayas kasengsem
awakmu.” jawabe karo tansaya ngguya-ngguyu.
“Hla kok ora Ayas dhewe
sing omong?”
“Ayas isih mbalekake
bal basket nyang gudhang.”
Melia
mesem kecut, njur age-age tumuju jedhing. Sajake lima kanca wadon sakelase wis
tekan jedhing ninggalake dheweke. Gara-gara Ardi ki, batine Melia ing njero
ati.
Februari 2012, minggu kapisan
Dina Kamis jam 10
kurang limang menit, tepake limang menit sadurunge jam mlebu pelajaran. Ayas klithih-klithih
metu saka kelas, ngisi spidol ing ruwang Tata Usaha (TU). Nalika Ardi lungguh
ana bangkune dhewe, dheweke ndelok sesuatu
ing laptope Ayas...
“Uwihhh... Iki bakal
dadi gosip panas.” kandhane Ardi banter.
“Ardi, omong iku sing
nggenah.” Doni, kanca nunggal bangkune Ayas sing kagolong meneng aweh omongan.
Ardi ora aweh jawaban. Bangkune
Ardi pancen tepak mburi bangkune Ayas. Mulane dheweke luwih bisa ndelok apa
sing dibukak ing laptope Ayas tinimbang Doni. Yen Doni kudu geser awak dhisik
supaya bisa ndelok, Ardi tanpa geser awak wis bisa ndelok. Arek-arek njur padha
ngrubung bangkune Ayas, penasaran. Ora let suwe, sing nduwe laptop mbalik nyang
kelas. Kanca-kanca gragapan, njur padha bubar.
Melia
diomongi Risa, kanca nunggal bangkune, kanthi swara klesik-klesik. Manut
kandhane Risa, Ayas mbukaki profil facebook-e
Melia lan durung ditutup, mulane dikonangi Ardi. Melia meneng bae, blas ora
nggape perkara iku.
Februari 2012, minggu kapindo
Dina Minggu awan nalika
Melia leyeh-leyeh ing teras mburi omah. Mumpung sek dina prei, mengko lek wis
mlebu sekolah bakal angel nggolek wektu kanggo mbukak facebook, batine Melia. Hp dibukak, akun facebook dibukak. Walah! Saiki Ayas malah nggawe status bab katresnan
nyang facebook. Gek kanca-kanca
rakete ditandai kabeh, klebu Melia.
Melia ora bungah, nanging malah wegah. Akun facebook njur ditutup. “Apa maksude
arek iku? Apa arek iku wiwit nglakokake modus-modus pedekate?” pitakonane Melia marang awake dhewe.
Februari 2012, minggu katelu lan
kapapat
Manut kanca-kanca
sakelase Melia, Ayas nglakokake pedekate
nyang Melia. Malah saiki moduse wis ora liwat wong liya lan media sosial,
nanging liwat aksi-ne langsung nyang
Melia. Contone nyilih buku catetan lan bengi-bengi telpun takok bab pelajaran
sing ora dimangerteni, kamangka Ayas iku arek sing lantip pikirane. Ngirimi
geguritan-geguritan endah bab katresnan liwat sms lan omong yen Melia iku mirip
bintang film Oki Setiana Dewi, ya lumayan asring.
Manut kandhane Risa, Ayas
bener-bener nyenengi Melia, buktine Ayas salting
yen suwe-suwe mandengi praupane Melia nalika kepethuk. Melia tetep ora nggape.
Maret 2012, minggu kapisan
Dina
Senin nalika pelajaran Basa Jawa. Saben murid ditugasi pak Kamto nggawe parikan
lan kudu maca parikan gaweyane dhewe-dhewe ing ngarep kelas. Tiba gilirane
Ayas. Kanthi laku gagah tur percaya dhiri, Ayas maju ing ngarep kelas. Mbukak
buku catetan-e, maca parikan sing digawe...
Ana
cuyu, ing njero kali
Sliramu ayu, nyenengake ati
Arek-arek sakelas njur surak-surak
banter. Praupane Ayas dadi isin. Wektu Ayas mbalik nyang bangkune...
“Ceweke
arek kene ta?” pandangune pak Kamto marang kanca-kanca sakelas.
“Nggih,
pak...” jawabe kanca-kanca sakelas banter lan semangat banget sinambi padha
nyawangi praupane Melia. Jujur, wiwit iku Melia ngrasa ana sing beda. Sing
biyasane cuek ora nggape, wiwit iku praupane abang campur isin.
Bengine. Ayas tansaya
percaya dhiri. Dheweke wiwit wani sms-an lan telpon-telponan karo Melia, lan
sing dibahas tansaya akeh. Wiwit bab keluwarga, jaman cilik mbiyen, kasenengan,
kegiyatan njaba saliyane kegiyatan sekolah, cita-cita, lan liya-liyane. Melia
bener-bener ngrasa beda. Dheweke bener-bener kepincut Ayas. Pancen Ayas areke
grapak lan enak diajak omong. Dadine Melia ya seneng lan topik omongane dadi
gayeng. Senajan praupane Ayas ora nggantheng banget, nanging yen dideleng suwe-suwe
ya nyenengake.
Suwene-suwe Ayas dolan
nyang omahe Melia. Ndelok kucing lan kelinci duweke Melia. Kanoman loro sing
lagi nedheng-nedhenge ngrasakake katresnan iku padha nyenengi kucing lan
kelinci. Nanging Melia durung wani dolan nyang omahe Ayas...
Mei
2013, minggu kapapat
Dina-dina terus lumaku. Tanggal-tanggal sing kacetak ing kalender terus ganti.
Rasa kangen ing dadane
Melia marang Ayas tansaya kenthel. Wiwit Juli 2012, nalika
munggah kelas 12-IPA-5, Ayas jarang
menehi
Melia perhatian. Ngirim sms
ya mung
kapindho. Iku bae isine njaluk dedonga supaya
lancar ujian kelulusan lan lancar mlebu kampus favorit-e. Dadi wis sewelas sasi anggone Melia lan Ayas adoh. Melia
sadhar lan ngerti, Ayas mangkono iku amarga fokus ing ujian kelulusan lan ujian
mlebu kampus favorit-e.
Mulane, ing perpisahan sekolah bengi
iku Melia arep nyuntak rasa kangene marang Ayas. Dheweke milih nganggo dress werna cokelat enom, dress-e sing paling apik. Dheweke
kepengin dadi sesandhingane Ayas bengi iku sing paling ayu. Tekan sekolah, bubar
markir sepedha motor, Melia njur lungguh ing kursi sing cumawis kanggo
murid-murid kelas 12 sing satus persen resmi lulus. Saka kadohan, Melia ndeleng
Ayas katon nggantheng nganggo jas. Melia wis ngadeg arep nyedhaki Ayas. Durung
nganti mlaku lakune dadi mandheg...
“Wih... Gandhengan anyar ki.
Ehemmm...” godhane Ardi.
“Ardi nggodha Ayas sing rangkulan
tangan karo Niken?” batine Melia.
“Iki pacarku rek, jenenge Niken.”
kandhane Ayas.
“Wara-wara nyang umum...” surake
arek-arek ing sacedhake Ayas.
Niken, ya kanca sakelase Melia,
tansaya mesra ngrangkul tangane Ayas. Kanoman sakloron iku tansaya nyebar esem
sing ora ana entek-enteke. Melia njur mlayu sipat tumuju parkiran sepedha motor.
Ing kana jebule kepethuk Risa. Tibake ngono Risa langsung nututi nalika Melia
ujug-ujug mlayu. Melia ambyur ing pundhake Risa.
“Aku arep mulih, Ris. Awakmu bener. Aku
dudu pacare Ayas. Sepurane yaa...” kandhane karo eluhe mbrebes mili.
“Iya. Apa awakmu ora pengin kepethuk
kanca-kanca kanggo sing pungkasan?”
“Ora pengin. Penting aku wis nampa
ijazah.”
“Yen ngono aku ya melu mulih. Ben
bisa bercinta karo awakmu.” jawabe Risa cekikikan sinambi ngelus-elus rambute
Melia.
“Hush omonganmu! Hla apa jeruk
mangan jeruk?” Melia njur ngguyu cekikikan.
Melia kelingan kedadeyan
kepungkur...
Juni
2012, minggu kapapat
Ing wayah sore nalika preinan dawa unggah-unggahan
nyang kelas 12-IPA-5. Ana sepedha motor mandheg ing ngarep omahe Melia. Ora let
suwe, ana pawongan muni “kulanuwun” bubar lawang dithothok. Melia njur njawab “nggih”
lumayan banter sinambi tumuju lawang. Bubar lawang omah dibukak dening Melia...
“Oh
Risa? Ayo mlebu.”
“Nyang
njaba bae mel, sinambi mandengi godhong-godhong wit pelemmu sing tansaya nggawe
adhem atiku iki,” nada swarane Risa kaya wong maca geguritan.
Melia mesem. Sidane
wong loro iku ora mlebu omah.
“Ora mung Ayas bae sing
bisa nggawe geguritan kanggo awakmu.”
Pipine Melia owah dadi
abang. Tembunge Risa sing pungkasan ampuh nggawe Melia dadi klepek-klepek.
Risa mandengi
godhong-godhong wit pelem sing ceblok ing lemah. Godhong-godhong iku akeh-akehe
garing, lan wernane kuning lan cokelat.
“Mel... Aku arep omong
perkara Ayas. Awakmu aja nesu ya?”
“Ora perlu ijin-ijin
ngono iku. Gek ndang...”
“Sepiro suwene awakmu
cedhak karo Ayas?”
“Patang sasi.”
“Ayas wis nembak awakmu?”
“Takokanmu kok ngono?”
jawabe Melia semu mencureng, sajake ora seneng karo pitakonane Risa sing
pungkasan.
Melia meneng sedhela
njur omong, “Yen aku, penting padha seneng. Dadi status iku wis ora penting.
Lan sing penting patang sasi iki Ayas terus aweh perhatian marang aku.”
“Mel...
Yen statusmu durung jelas dadi pacare, wediku awakmu bisa dienggo alesane Ayas
kanggo menggok nyang cewek liya. Kadhang sing wis nduwe pacar bae isih bisa
menggok. Dadi...”
“Dadi tekamu mrene mung
kanggo omong iki?” Risa durung bubar omong wis disela.
“Sepurane, aku nyampuri
urusanmu.”
“Wis... saiki muliha.
Omonganmu ora penting.” Melia njur nggeblas mlebu omah.
Praupane Risa mbrabak
abang. Ora ngira yen tanggepane Melia kaya mangkono. Akhire pilih mulih tanpa
pamit. Sinambi mlaku tumuju sepedha motor Risa mbatin, “Aku kanca raketmu, mel.
Aku ora kepengin yen awakmu lara ati.”
(Cuthel)

Komentar
Posting Komentar