Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang No. 51 Sabtu Pon, 18 Mei 2019)
Flamboyan
abang arane kembang
Werna kembange cerah
Mahkota kembange mrekah
kaya cakar
Godhonge-godhonge
ijo ketel katon ngrembuyung
Flamboyan
abang si kembang klangenan
Uwite
ngadeg jejeg sapinggire dalan aspal
Oyote
nancep kuwat sanjerone lemah
Flamboyan
abang kebak panyirat
Sangsaya
mekar ing mangsa ketiga
Ora mlipir ing mangsa banjir
Flamboyan
abang kembang hiasan
Saiki
cacahe sangsaya arang lan kaancam punah
Ora
bisa maneh mbabarake rasa bungah
Ngawi, 8 April 2019

Komentar
Posting Komentar