Dening : Naima Janatin
Akbar
(dimuat di majalah Jayabaya No. 3 Minggu III September
2019)
Dina
Minggu esuk Naya mesem amba nalika nyawang poster-poster gambar maneka werna princess ing tembok kamare. Wis ana telu gambar
princess ing kana, yaiku princess Cinderella, princess Salju, lan princess
Rapunzel. Naya pancen seneng banget karo princess sing ana ing dongeng-dongeng.
Mula ora nggumunake yen nalika metu saka omah terus ngerti gambar-gambar princess, sing disuwun saka bapak lan ibune ya gambar
princess, lan wis ora nyuwun jajan utawa barang-barang liyane.
“Mbak Deva, aku tumbasne poster
princess Elsa karo princess Jasmine ya?” Naya nyedhaki Deva mbakyune sing
iris-iris sayuran ana pawon.
“Lho dhik, nyuwune aja nyang aku. Aku
durung kerja. Antuk dhuwit saka ngendi aku?” Deva ora gelem nuruti apa sing
dadi panyuwune Naya.
“Ngarep SMP-mu rak ana Toserba
gedhe, mbak. Aku nate weruh yen ing kana ana poster-poster gambar princess.”
Naya njelasake luwih dawa.
Ibu sing ana sandhinge Deva, sing
ibut ngirisi kentang lan pentol bakso, mesem krungu cecaturane loro putrane. Ibu terus
wangsulan, “Daktumbasne, na. Nanging
ana syarate. Piye?
Gelem apa ora?”
Naya
terus ganti nyedhaki ibune. “Syarate napa, bu?”
“Kowe
kudu meh padha karo princess
sing asli.”
wangsulane ibune teges.
Naya
ora mudheng karo apa sing dadi maksude ibune. Dheweke nyoba mikir sawetara wektu,
nanging tetep durung nemokake jawaban.
“Princess
ingkang pripun, bu?” Naya akhire takon.
“Ya
princess sing ana ing dongeng-dongeng.”
wangsulane ibune tetep nggawe Naya ora
mudheng. Dheweke terus kandha jujur marang ibune. “Naya mboten mudheng, bu.”
“Nah...
iku dadi tugasmu, dhik. Yen kowe wis bisa
meh padha karo princess sing
asli, kowe lagi bisa antuk poster sing kokpengini.” Ganti
Deva sing njawab. Dene ibu ngampet ngguyu ndeleng Naya sing isih durung mudheng.
Naya
terus mbalik nyang kamare isih karo mikirake apa tegese kandhane ibune. Dene
Deva lan ibune ngguyu ora uwis-uwis ana pawon sinambi nerusake anggone mangsak sayur sop, perkedel kentang, lan sambel kecap.
Bengine
Naya marani mbak Deva ing kamare. Naya nyawang tembok kamare mbak
Deva, ing kana mung ana jadwal pelajaran sekolah.
“Mbak Deva, maksude
princess sing asli sing
dimaksud ibu kepriye?” Naya takon
marang mbakyune karo praupan
polos.
“Kowe
takona nyang ibu wae, dhik.” Deva njawab entheng.
“Mbak Deva mesthi
ngerti karo apa sing dimaksud ibu mau.” Naya terus mrengut.
Deva ngelus-elus sirahe Naya karo alus. “Ngene wis.
Kowe rak wis nduwe buku dongeng-dongeng ta?”
Deva manthuk-manthuk.
“Dongeng-dongeng sing ana princess-e wacanen kabeh lan pahamana kabeh
kanthi tenanan. Nah, sabanjure lakonana!”
Deva akhire njelasake apa sing durung dipahami Naya.
“Tegese aku kudu nglakoni apa sing
dilakoni princess ing
dongeng, mbak?” Naya takon.
“Ya,
bener. Wis saiki ndang mbalika nyang kamarmu,
terus wacanen dongeng-dongeng
sing ana princess-e. Aku dak sinau.” Deva kandha karo swara
alus.
“Oke.” Naya njawab kebak rasa
seneng, amarga apa sing durung dipahami akhire dijelasake karo mbakyune.
Mbalik saka kamare mbakyune,
Naya mbukak buku-buku dongenge,
sing ana princess-e
nggethu diwaca. Ana princess Cinderella
sing sregep ngresiki omah nalika isih dadi upik abu. Ana princess Salju sing
nalika ana alas sregep ngresiki omahe pitu kurcaci. Naya terus semangat anggone
maca...
Ana princess Rapunzel sing sregep
resik-resik nalika isih urip ing menara.
Nalika Naya arep nerusake maca
ngenani princess Elsa lan princess Jasmine, dheweke
omong dhewe, “Telu princess iku mau sregep kabeh. Tegese aku
kudu...”
Naya nyawang kamare. Meja sinaune
katon rusuh, akeh bleduge. Nganti poto-poto lan hiasan sing ana kono bledugan
kabeh. Naya terus njupuk sapu saka pawon. Bengi iku uga dheweke ngresiki meja
sinaune lan nyaponi kamare. Dina-dina candhake Naya terus sregep ngresiki
kamare, nganti wis seminggu anggone ngresiki. Naya uga nyaponi omah, ngepel
jogan, nyapu plataran omah, lan ngewangi ibu lan mbakyune mangsak ana pawon. Naya nglakoni kabeh iku kanthi rasa ikhlas lan ora ngresula.
***
Dina Minggu sore
tepak seminggu anggone Naya sregep resik-resik omah.
Naya mlebu nyang kamare, karepe kanggo
nyawisake sandhangan
sing arep dianggo sawise adus sore...
Durung
nganti njupuk sandhangan, Naya kaget. Dumadakan ana
siji kothak kado ing ndhuwur meja sinaune. Naya langsung mbukak
kado iku. Isine soklat-soklat
klangenane lan loro poster. Siji poster gambar princess Elsa, sijine maneh poster
gambar princess Jasmine.
Naya terus setengah mlayu nemoni ibune
sing ana teras omah.
“Ibu, kadone sae.” kandhane Naya
marang ibune.
Ibune mesem. “Iya. Piye? Seneng karo
kadone?” pandangune ibune.
“Seneng. Naya sampun dados princess
ingkang ibu maksud napa dereng?”
“Wis. Princess sing sregep lan ora
wegahan.”
Naya mesem amba. Ana njero ati
dheweke janji arep dadi princess sing asli.

Komentar
Posting Komentar