Dening : Naima Janatin
Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang No. 18 Sabtu
Legi, 28 Sept 2019)
Ing plataran omah angin sore
niyupake kembang mlathi
Ganda wangine sumrebak nganti
telenging ati
Swara gamelan lan gong keprungu
merdhu
Tansah nggawe atine sapa bae
dadi syahdhu
Swara manuk-manuk ing pucuking wit
nggawe mripat siyut
Sapa kang ora kuwat atine bakal
ciyut
Kekarone wiwit ngrasakake rasa
Kanthi ana geter-geter
sajroning dhadha
Kahanan alam wis karipta dening Sang Kwasa
Kanggo kekarone kang bakal
nglakoni
Rembulan anyar wiwit mengko
bengi

Komentar
Posting Komentar