Glanggang Remaja "STALKER"

STALKER
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Panjebar Semangat No. 16, 18 April 2020)

Hmm apik ya sandiwaramu! Kowe diutus bapakku kanggo ngawasi aku ing kene?” Ing sawijining kafe mripate Gina mencureng nyawang priya mudha ana ngarepe.
Priya mudha sing biyasa diundhang Tirta iku kaget. Awan iku dumadakan Gina wis ngadeg malang kadhak ana ngarepe. Gina putrane bos-e wis cetha ngonangi dheweke.
“Iya. Apa aku kliru, mbak?”
Gina mesem kecut. Hla ya cetha kleru. Aku ana kene butuh dhewe, butuh njaga privasi. Hla kowe kok malah ngganggu aku.”
            Tirta mlegak. Dheweke ora ana niyat ngganggu, nanging mung ngawasi. “Ya wis. Yen kanggomu aku kliru, sepurane sing akeh ya...” Tirta terus milih ngalih.
Sabanjure Tirta mlaku alon-alon tumuju parkiran, njupuk sepedha motore, njur ditumpaki tumuju villa papan nginepe Gina. Villa iku villa-ne bapake Gina.
            Aku gelem nampa tugas saka bapakmu ya amarga aku wis kenal bapakmu lan kenal sampeyan wis suwe, mbak Gina...” Tirta njur ngucapake iku ana njero ati.
Gina sing lagi rong taun kuliyah ana Surabaya iku dipedhot karo Alfano, pacar sing wis dipacari sasuwene telung taun. Sing nggawe Gina lara ati, sasuwene telung taun dheweke wis menehake apa wae sembarang kalir kanggo nyenengake Alfano. Nanging jebule Alfano malah milih menggok nyang kenya liya. Mula iku, Gina sing omahe ana Mediun gage minggat nyang villa-ne bapake ana Magetan sing ora adoh saka Telaga Sarangan. Tujune Alfano medhotake sesambungan-e karo Gina bubar Gina ngrampungake UAS, dadi niyat minggate seminggu nyang villa ya bisa kanggo piknik sapungkure UAS. Yen Gina dipedhotake sadurunge UAS, embuh kaya piye asil UAS-e Gina mengkone...

Rong ndina candhake. Gina seneng jalaran wis ora perlu nyawang praupane Tirta sing persis stalker. Ya pancen iku sing dibutuhake Gina. Tanpa ana pawongan sing ngganggu. Nanging kok... Gina ngrasa ana sing kurang nalika Tirta ora ana.
            “Pak Rois, mas Tirta teng pundi? Takone Gina marang pak Rois sing lagi ngresiki taman cilik ana ngarepe villa. Pak Rois ngono utusane bapake Gina kanggo ngurusi lan ngresiki villa.
            “Teng villa menawi, mbak. Villa-ne mboten tebih saking mriki.”
            “Villa?” Gina takon kanthi praupan ora percaya.
            “Nggih, mbak. Bapake mas Tirta nggih gadhah villa dhateng mriki. Manajemen-e villa niku malah sampun diamanahke teng mas Tirta.”
Saiki rasa getun njalari pikirane Gina. Geneya sasuwene iki dheweke ora gelem mangerteni ngenani Tirta sawutuhe?

Tepak dina kalima Gina minggat nyang villa-ne bapake. Sapungkure antuk alamat villa-ne Tirta saka pak Rois, esuk iku Gina setengah mlayu tumuju alamat iku. Nanging tekan kana Tirta ora ana.
Gina gage mulih nyang villa, njupuk sepedha, njur dicengklak nganti pinggire telaga. Tekan pinggir telaga, Gina seneng jalaran bisa kepethuk karo Tirta. Ora let suwe Gina ngomplong maneh. Tirta tanpa ngguyu lan tanpa omong apa-apa, langsung nyengklak sepedha-ne cepet-cepet ninggalake Gina.
Awane. Gina durung nyerah. Gina nyengklak sepedha-ne tumuju kebun strawberry sing papane rada adoh saka villa-ne. Niyate isih padha, yaiku kanggo nggoleki Tirta. Tekan papan sing dituju, Gina ambegan lega. Nanging ora let suwe, dheweke mung bisa ngomplong. Tirta sing meruhi Gina cepet-cepet ngalih, kathik numpak sepedha motor sisan. Cetha yen Gina ora bisa nututi.
Sorene ana kafe sing dianggo Gina ngujar-ujari Tirta mbiyen. Tirta kaget. Jebule kenya sing lungguh ana ngarepe sing bubar mbukak topi lan masker-e iku Gina.
Tirta unjal ambegan. “Rak ya wis puas wis klakon ngusir aku?”
            Mmm masss... akuu...
“Saiki karepmu piye, mbak? Bubar sampeyan ngusir aku, terus saiki sampeyan nggoleki aku? Kathik nyeluk aku ‘mas’ sisan. Biyasane nyeluke mung ‘kowe’...”
            Gina mandengi Tirta luwih tenanan. “Aku pengin luwih kenal karo kamu... Aku pengin luwih cedhak karo kamu... Aku ora pengin adoh saka kamu... Amarga aku... stalkermu... stalker sing kebak rasa tresna.”
Tirta sing patang taun luwih tuwa saka Gina ngampet ngguyu. “Kamu lucu tenan. Swaramu dadi kagok amarga omong nganggo tembung ‘kamu’.”
“Hla rasamu nyang aku piye, mas?”
Tirta gedheg-gedheg. “Aku gak bisa, mbak. Sepurane...”
“Ya wis.” Gina ngadeg.
Tirta cepet-cepet ngadeg, njur nggegem loro tangane Gina kanthi kenceng. Aku gak bisa...” Swarane Tirta mandheg sedhela. “Gak bisa nulak kamu.”
“Dadi?”
            “Dadi... Saiki awake dhewe jadian.”
Gina lunjak-lunjak kebak rasa seneng.

Komentar