Dening :
Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 33 Minggu III April 2017)
Wis rong bengi anggonku dolan nang omahe bapak lan ibukku.
Wis rong bengi anggonku temu kangen karo bapak, ibukku, lan adikku wedok sing
isih SMA kelas 2. Dina iki yaiku dina Minggu. Rasane aku gung kepengin mulih
ing omahku dewe, ing Yogyakarta. Temu kangene rumangsaku isih kurang. Sabenere atiku
nangis mriwis bae. Nanging aku ojo nangis ing ngarep telu wong sing daktresnani
iku, omonganku ing njero ati.
“Lina, barang-barange wis siap kabeh to?”
“Sampun, buk.”
“Kira-kira ana barang sing keri opo ora?”
“Mboten wonten buk. Barang kula sampun kula beta
sedaya,”
“Oh ya wis.”
“Ati-ati nang dalan ya nduk,”
“Inggih, pak. Pangestunipun,”
“Ojo sungkan-sungkan dolan mrene ya?”
“Inggih, pak.”
“Eh, sik nduk.”
“Wonten napa malih, buk?”
“Aku tak nang mburi omah sedela bae. Wis enteni kene
sik ya?”
“Inggih, buk.”
Aku bingung karo tingkahe ibukku. Nanging aku mung
mbatin bae.
Siji,
loro, telu, papat, lima, enem, pitu,… Ibukku terus ngetung jumlah
jambu abang sing dilebokake ing kresek ireng. Dheweke tansah bungah. Ora suwe,
kresek ireng iku wis keisi rongpuluh jambu abang. Jambu abang iku katon
seger-seger dan nyenengake. Dheweke banjur mbalik nang teras omah.
“Iki lin, kanggo jajan.” kandhane ibuke Lina karo
ngulungake kresek ireng isi rongpuluh jambu abang.
“Kok kathah buk? Lha mangke ingkang wonten tiyang
mundhut jambu pripun?”
“Wis ora apa-apa. Wis iki gawanen bae. Jambu nang omah
isih akeh kok. Wong-wong sing arep tuku jambu ya isih kebagian.”
“Inggih,
buk. Matursuwun sanget,”
Sabubare aku pamit karo bapak lan ibukku, aku diterne
adikku tumuju Stasiun Surabaya Gubeng numpak sepeda motor. Jarak omahe bapak
lan ibukku teka stasiun Gubeng sekitar limang kilometer. Ing dalan, atiku isih
nangis bae. Rasane isih abot yen ninggalake keluargaku ing Surabaya. Ya maklum,
aku urip ing Surabaya wis suwe banget. Wiwit cilik teka aku dewasa (durung
rabi) aku urip ing kuta Pahlawan iku. Dene aku mulih ing Surabaya paling cepet
rong sasi sepisan.
Sekitar rongpuluh menit, aku karo adikku wis teka
Stasiun Surabaya Gubeng. Sabubare adikku markir sepeda motor, aku lan adikku
tumuju ing antrian pengecekan tiket.
“Mbak, yen wis teka omah sms aku ya?”
“Ya, dhik. Yen wis teka omah, mengko tak sms.”
Adikku banjur ngrangkul aku raket banget. Ujug-ujug
atiku rada lega lan tangisku rada suda. Kayane iki gara-gara rangkulane adikku
sing raket.
“Mbak, kapan dolan nang omah maneh?”
Aku mesem. “Muga-muga bae sakcepete aku iso dolan
maneh nang Surabaya ya. Dongakne bae ya, dhik.”
“Ya, mbak.”
Aku lan adhikku meneng sedhela.
“Mbak, yen wis teka omah sms aku ya?” adhikku omong
bab iki maneh.
“Ya, dhik. Yen wis teka omah, mengko tak sms.” jawabku
karo mesem.
Sabubare petugas stasiun mriksa tiketku, aku banjur
lungguh ing papan tunggu. Ora suwe maneh, adikku mulih. Aku nyawang jam
tanganku, jam 1 awan luwih sepuluh menit. Speaker stasiun Surabaya Gubeng
menehi peringatan yen limang menit maneh sepur Sri Tanjung, sepur sing arep
daktumpaki teka. Dina iki aku menyang Yogyakarta dewean. Ketepaan bojoku ora
iso melu amarga ana tugas ing Jakarta. Aku durung nduwe momongan.
Limang menit daklewati. Sepur sing daktunggu teka. Aku
banjur munggah sepur. Aku lungguh ing gerbong 3 nomer 15A, padha sing kacetak
ing tiket. Mripatku ndelok kiwa tengenku. Lungguhane ora terlalu akeh
penumpang. Maklum, mung preian Sabtu lan Minggu, ora preian dawa. Biasane
sepure mangkat jam 2 awan kurang rongpuluh menit. Sepur “Sri Tanjung” jarak
Banyuwangi-Yogyakarta mandeg ing Stasiun Surabaya Gubeng paling suwe, amarga
ana bongkar muat barang. Sekitar telung menit sakurunge sepure mangkat,
ujug-ujug…
“Sepurane bu, sepurane,” ucape bapak-bapak sing
ambegane ngos-ngosan lan arep nabrak awakku.
“Inggih pak mboten napa-napa. Ndek wau kesusu nggih
pak?”
“Inggih, bu. Niki wau saking griya radi telat,”
Bapak iku mung nggawa siji tas ransel. Sabubare
nyelehne tas ransele ing papan barang-barang penumpang, bapak iku banjur
lungguh ing sacedakku lan mbukak masker sing nutupi irung lan lambene. Ladala! Tibake bapak iku!
Ting! Tong!
Ting! Tong! Jam 2 awan kurang rongpuluh menit. Sepur mangkat. Aku
ndelok njaba lewat jendela. Langit Surabaya katon padhang njingglang. Bapak iku
sajake gung ngerti wajah asliku, soale aku yo gawe masker. Aduh! Piye iki? Maskerku tak bukak opo gak ya? Aduh, aku dadi bingung.
“Badhe tindak pundi, bu?” pitakone bapak iku mau marang
aku.
“Jogja, pak.”
“Wah sami. Mudhun stasiun Lempuyangan?”
“Nggih, pak.”
Aku tambah bingung. Ora mungkin yen jarak stasiun
Surabaya Gubeng teka stasiun Lempuyangan aku ora mbukak maskerku blas. Teka stasiun Lempuyangan isih jam setengah
8 bengi. Akhire aku mbukak maskerku. Bapak iku mau ndelok wajahku, aku banjur
yo ndelok wajahe.
“Oalah, tibake kowe to dek lin?”
“Ya, mas.”
Bapak iku mau jenenge mas Andri. Aku wis kenal suwe
karo dheweke. Sedhela, aku lan dheweke rada salah tingkah. Mungkin amarga wis
suwe ora tepung. Wis enem sasi aku rabi, wis setaun setengah aku ora tepung
karo mas Andri. Aku ora ngira yen bakal tepung karo mas Andri ing sepur iki.
“Piye kabarmu lan bojomu?”
“Apik, mas. Lha kabare mas Andri lan bojone piye?”
“Apik lan sehat.”
Aku lan mas Andri padha-padha asli Surabaya. Awake
dewe wis kenal wiwit SMP. Bapak lan ibukku yo kenal karo bapak lan ibuke mas
Andri.
Kedadeyane
rong taun kepungkur. Aku lan mas Andri wis padha-padha kerja. Aku kerja ing
salah siji redaksi majalah ing Surabaya. Dene mas Andri nduwe usaha sepatu cilik-cilikan
ing Surabaya. Masio usaha cilik-cilikan, nanging usahane apik lan lumintu. Amarga
wis kenal suwe lan padha-padha wis nduwe kerjoan, aku lan mas Andri banjur
pacaran.
Wektu pacaran wis limang sasi,
wayah sore mas Andri ngajak aku ing kedai kopi. Suara grimis ing jendela sore
iku keprungu syahdu, rasane iso nggawe ati ayem lan tentrem. Nanging atiku
wayah iku ora bisa ayem lan tentrem. Aku natap kopi ireng ing ngarepku kanthi
beda karo biasane. Aku kudu wani omong! Yo, pokoke aku kudu wani omong! Iki
kesempatanku kanggo omong! Ora suwe maneh, aku nutup wajahku nganggo loro
tanganku. Wajahku bingung, pucet, lan sedih. Aku wis ora bisa mbendung luhku
maneh. Banjur luhku tumetes.
“Dhik lin,
awakmu kena apa?”
Aku mung
meneng bae. Aku gung kuwat ngomongne bab penting iku.
“Dhik lin,
tenane lo, awakmu lak apik-apik bae to?”
“Ngene mas…awak…e
dewe…” suaraku gragapan.
Mas Andri
isih tetep tenang.
“Tenang
dhik. Tenangne pikiranmu sik,” kandhane mas Andri karo ngelus-elus pundhakku, sajake
ngerti opo sing dakrasakake.
“Awake
dhewe beda mas. Piye yen awake dhewe bubaran bae?” akhire omonganku iso luwih
lancar.
Mas Andri
natap aku kanthi luwih njero.
“Duh! Aku
wedi yen mas Andri dadi lara ati. Ojo lara ati karo omonganku ya mas?” omonganku
dewe ing njero ati.
“Yo, dhik
lin. Luwih apik sesambungan iki dibubarne bae. Awake dhewe pancen beda, ora
bisa padha.”
Aku banjur
manthuk-manthuk. Wiwit dina iku, aku lan mas Andri wis ora pacaran nanging mung
kancanan. Aku ora mungkin dadi bojone mas Andri, amarga awake dhewe ngucap
jeneng Tuhan nganggo cara sing beda.
“Sing pengin maem, sing pengin ngombe… Sing pengin
sega, sing pengin mie… Sing pengin teh, sing pengin kopi… Ayo dituku, ayo
dituku…” godhane kantin keliling ing njero sepur. Kantin keliling iku termasuk bagian
saka pelayanane sepur, dudu milik wong njaba.
“Gak tumbas maem apa ngombe, dhik?”
“Ora mas. Ibukku wis nggawani aku bekal maem karo
ngombe,”
“Wah padha. Ibuk maratuwaku yo wis nggawani aku bekal
maem karo ngombe. Wong tuwa iku pancen seneng perhatian marang anake.”
“Wis mesti iku mas.”
“Dek lin, lha kowe kok dewe? Endi bojomu?”
“Bojoku enek tugas ing Jakarta, mas. Dadi ora bisa
melu.”
“Oh. Aku lan bojoku isih urip nang omahe wong tuwane
bojoku ing Surabaya. Hehehe maklum gung nduwe omah dewe. Iki aku nang
Yogyakarta arep ngurusi toko sepatuku sing ana kana.”
“Bisnis sepatune mas Andri tambah lancar bae ya?”
“Iya dhik. Kapan-kapan dolano ing toko sepatuku.
Sepatu ing tokoku dijamin murah-murah lan ora nggawe wong sing tuku dadi
kecewa.”
“Ya, mas. Kapan-kapan yen longgar tak usahakne dolan
ing toko sepatumu.”
Masio aku iso omong-omongan lancar karo mas Andri,
nanging rasane aku isih gung siap tepung mas Andri dina iki. Sajake mas Andri
siap-siap bae tepung aku. Apa iya? Apa
iki perasaanku bae? Ah emboh ya.
“Bapak, ibukmu, karo adikmu sehat kan?”
“Sehat, mas. Sepurane ya mas, kedadeyan rong taun
kepungkur kae.”
Mas Andri mesem. “Wis dek, wis mbiyen iku. Luwih
penting awake dhewe ngurusi keluwarga anyar sing saiki wis ana. Ya to?”
Aku mesem, banjur omong, “Ya, mas.”
Jug…ujug…ujug!
Jug…ujug…ujug! Jug…ujug…ujug! Sepur sing daktumpaki terus mlaku
menyang kulon. Stasiun Lempuyangan dadi stasiun sing dimandheki paling keri.
Mripatku nyawang njaba lewat jendela. Langit isih katon padhang njingglang. Sawah-sawah
katon ijo royo-royo. Waahhh! Endah banget
alame Gusti Allah iki! Atiku seneng. Sajake alam bisa diajak kompromi.
(Cuthel)

Komentar
Posting Komentar