Crita Cekak "Wit Jambu"

Wit Jambu
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang Edisi No.15 Sabtu Legi, 8 Sept 2018)

Dina isih sore. Langit katon ireng lan peteng. Persis kaya perasaane Sunarsi sing ireng lan peteng. Ana bab sing njalari perasaane Sunarsi dadi mangkono, yaiku bab katresnan. Katresnan-e Sunarsi sing gedhe marang anak-anake. Rong sasi kepungkur, Sardi, anak ragile, ninggalake omah amarga wis rabi. Dadi wis rong sasi Sunarsi urip ana omah karo bojone bae. Ora gampang anggone Sunarsi nglalekake anak-anake. Dheweke asring kelingan jaman mbiyen bareng anak-anake.
            Sunarsi ngusapi praupane nganggo tangan lorone.
Piye ya kahanane anak-anakku saiki? Anak-anakku padha kelingan karo aku opo ora? Anak-anakku saiki lagi nduwe gaweyan opo bae?” batine Sunarsi.
Asline wajar yen wong tuwa mikirake kahanane anak-anake. Nanging pikirane Sunarsi wis kebangeten.
Barjo, bojone Sunarsi sing umure rong taun saknduwure Sunarsi, jarang ngeling-eling urip jaman mbiyen bareng anak-anake. Manut Barjo, yen anak wis omah-omah wis gak perlu dipikir abot. Mikir jaman mbiyen mung nggawe pikiran tansaya semrawut lan mumet. Nanging... Barjo ya tetep nduwe rasa katresnan marang anak-anake.
“Anak-anakmu wis padha sukses. Awake dhewe ora kangelan urip. Geneya kowe isih ngeling-eling jaman mbiyen?” Barjo omong marang bojone ing salah sawijining dina.
            Aku ya bingung. Sing jelas aku kepikiran terus marang anak-anakku.”
            Luwih penting mikir urip ing jaman saiki. Kedadeyan sing mbiyen ora perlu dipikir,”
            Sunarsi ora kumecap apa-apa.
***
Sunarsi ana sangisore wit jambu. Sunarsi nyaguhi pesenane Bu Nanik wingi sore. Mbah putri umur 67 taun iku wis biyasa nampa pesenan jambu. Jambu ana ngarep omahe pancen katon seger-seger lan nyenengake. Sapa sing ndelok mesthi bakal seneng lan kepengin ngicipi.
Siji, loro, telu, papat, lima, enem, pitu, wolu… Sunarsi lali. Dheweke wis ora eling maneh piro cacahe jambu abang sing mlebu ing njerone kresek ireng sing dicekel. Wit jambu kang njalari konsentrasine dadi buyar. Dheweke banjur mandengi salah siji cabang-e. Wis ora salah maneh. Sisa tali tambang sing mbiyen digunakake kanggo dolanan bandulan anak-anake isih katon jelas. Sisa tali tambang iku pancen wis lusuh, nanging manut Sunarsi kenangane ora bakal lusuh.
            Akhire Sunarsi miwiti ngetung jambu maneh cacah selawe.
            “Kulanuwun, mbah si…”
            Sunarsi setengah kaget. “Nggih, bu nanik. Monggo…”
            “Wonten selangkung jambu mbah?”
            “Wonten bu. Niki sampun wonten selangkung jambu,”
Mbah Sunarsi ngulungake kresek ireng sing sanjerone ana jambu cacah selawe. Bu Nanik banjur ngulungake dhuwit kanggo mbah Sunarsi. Mbah Sunarsi nampa dhuwit kanthi rasa seneng.
“Matur nuwun, bu.”
            “Sami-sami. Kula pamit rumiyin nggih mbah,”
            “Nggih bu,”
Sabanjure bu Nanik mulih, eluhe Sunarsi tumetes.
Mbiyen. Jaman anak-anake durung padha nyambut gawe. Jaman anak-anake durung ana sing rabi. Wit jambu iku dadi papan dolanan anak-anake. Anake ana lima, telu lanang lan loro wadon. Saben sore, anak-anake asring dolanan ing sangisore wit jambu. Dolanan bandulan, playon, dhelikan, gobak sodhor, ula ula an, lan liya-liyane. Wit jambu iku pancen dadi wit sing kepenak kanggo dolanan bocah-bocah. Ora mung lima anake, bocah-bocah tangga teparo ya padha seneng dolanan ing sangisore wit jambu iku. Sunarsi bungah banget jaman iku. Apa maneh yen wayah panen jambu, bocah-bocah tansaya akeh sing teka amarga padha ngapeki jambu.
Nanging saiki wis seje. Akeh jambu sing ceblok nyang lemah, lan sing njupuki ya mung Sunarsi. Sunarsi kaya dilalekake dening urip. Sepi njalari ati lan pikirane. Dheweke banjur ngrintih, ngrasa ora nduwe arti apa-apa lan ora nduwe kuasa apa-apa. Tansaya suwe, eluhe sing tumetes saka mripate tansaya akeh. Saiki mripate Sunarsi wis teles.
Ora kaping pisan iki Sunarsi nangis jalaran wit jambu,” batine Barjo sing ana teras omah.
Saiki sedhihe Sunarsi tansaya kebangeten. Barjo kepengin sedhihe Sunarsi diganti karo kasenengan. Mulane, dheweke mlebu nyang njero omah, banjur nggoleki bak perkakas ing sacedhake pawon. Gak nganti limang menit, alat sing digoleki wis ana. Gergaji dicekel tangan tengen, kapak dicekel tangan kiwa.
“Kerjoanmu ndang dibuyarne. Ndang dijupuki jambu-jambu sing diperlokake. Ora suwe maneh aku arep nebang wit jambu iki,”
Sunarsi kaget ngerti bojone ujug-ujug teka.
            “Ya, aku arep nebang wit jambu iki supaya kowe ora sedhih maneh,” omongane Barjo teges lan tenanan.
Sunarsi ora ngira yen bojone bakal nebang wit kenangan iku. Kamangka Barjo nebang wit jambu mung amarga siji alasan, yaiku supaya Sunarsi ora sedhih. Sunarsi salah tampa. Bojone dianggep ora ngregani kenangan. Sunarsi karo bojone padu sawetara wektu.
“Ayo diomong apik-apik ana njero omah,” Sunarsi aweh jawaban karo setengah nggeret tangane bojone.
            Barjo manut. Kekarone njur omong-omongan luwih kepenak ana njero omah.
            Ora masalah yen wit jambu kae ditebang. Nanging ojo ditebang kabeh.”
            “Ngono ya kena. Aku ora bakal nebang kabeh. Njur piye, kowe lila?”
            Aku bener-bener lila yen ora ditebang kabeh.”
***
            Srengenge wis ndelep ing sisih kulon. Sunarsi ndelok wit jambu saka cendhela omahe. Wis rong sasi kepungkur anggone bojone nebang wit jambu. Udan riwis sing mudhun saka langit nggawe telese tipak wit jambu sing ditebang.
Mripate Sunarsi pancen awas. Pucuk godhong thukul ing tipake wit jambu sing ditebang. Pucuk godhong iku nyenengake atine. Pucuk godhong iku ndadekake pangarep-arep anyar. Dheweke ngarep yen pucuk godhong iku bisa dadi ketel, lan tansaya suwe bisa thukul jambu sing seger-seger, banjur bisa dadi papan dolanan karo kumpul putu-putune.
            Sunarsi lan Barjo pandeng-pandengan, njur mesem. Kekarone banjur rerangkulan raket kaya manten anyar. Dina-dina chandake anak-anake lan wit jambu wis ora dipikir tenanan dening Sunarsi. Barjo dadi melu seneng.
(Cuthel)

Komentar

Posting Komentar