Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang No. 36
Sabtu Pon, 2 Feb 2019)
Dina Setu awan sawise mulih sekolah,
Dimas nyelehake kotak isi sepuluh coklat nyang meja sinaune. Dimas antuk kotak
lan coklat iku saka Caca, kanca sakelase sing bubar piknik
saka kutha Malang. Kandhane Caca, coklat-coklat iku ana sing bentuk kotak lan
bunder. Dimas age-age mbukak kotak, njur mandengi isine kanthi kebak rasa
seneng. Dheweke ngrasa eman yen coklat-coklat lucu lan apik iku dipangan njur
entek ora ana sisane.
Maklum, dheweke pancen durung nate
ngerti coklat-coklat lucu kaya mangkono. Biyasane dheweke mangan coklat bentuk
batangan sing asring dituku saka toko cedhak omah.
Bengine.
Dimas isih durung bosen mandengi coklat-coklat iku.
“Dimas...!!”
suwarane ibune Dimas nggawe lamunane buyar.
Kotak isi coklat
ditutup. Dimas ora kepengin ibune ngerti perkara dheweke sing bubar antuk
coklat. “Dalem, bu!”
“Ibu oleh mlebu?”
“Nggih,
bu. Kamare mboten dikunci,”
Ibune
Dimas mlebu kamare Dimas. Dimas isih mandengi kotak isi coklat-coklat sing wis
ditutup. Kotak iku ora bening, dadi saka njaba ora katon apa isine. Bisa
didelok isine yen kotak iku dibukak. Ibune Dimas bingung karo kotak iku, amarga
sasuwene iki ora ana kotak iku nyang meja sinaune Dimas.
“Iku
kotak apa, dim?” pandangune ibune Dimas.
“Kotak
petelot,” jawabe Dimas ora jujur.
Age-age
Dimas mindhahake kotak iku nyang cedhake wadhah-wadhah petelot liyane. Dimas
ambegan lega amarga ibune ora mbukak tutupe kotak lan percaya karo jawabane.
“Ayo
maem dhisik,”
“Nggih, bu.”
“Dakenteni ana ngarep
tivi ya. Bapak karo mas Deni wis siyap ana ngarep tivi,”
Dimas
mesem. “Nggih, bu.”
Dimas
mandengi kotak isi coklat maneh tanpa mbukak tutupe. Dheweke kepengin mbagekake
coklat-coklat iku nyang bapak, ibu, karo kangmase. Dumadakan dheweke dadi
rangu-rangu. Yen dheweke mbagekake coklat-coklat iku, artine dheweke ora bisa
mangan coklat cacah sepuluh kanthi marem. Apa maneh sasuwene iki dheweke durung
nate mangan coklat sing kaya mangkono. Akhire, bubar mikir sawetara wektu,
Dimas milih ora sida mbagekake coklat-coklat iku nyang kulawargane.
“Coklat-coklat
ana kotak iki bakal dakpangan dhewe,” suwarane Dimas alon.
***
Dina sesuke. Esuk iku Dimas kaget nalika
coklat-coklat lan kotake ora ana ing meja sinaune. Dimas njur nggoleki ana
sanduwure kasur, sangisore kasur, sangisore meja sinau, sanjerone tas, lan
sanjerone lemari klambi. Nanging Dimas blas ora nemokake.
Nalika mas Deni arep budhal kerja bakti nyang
sacedhake bale desa, keprungu suwara tangise Dimas saka kamare Dimas. Mas Deni
njur mlebu kamare Dimas sing ora dikunci.
“Lho dim, ngapa kok nangis?”
pitakone mas Deni marang Dimas.
“Kotakku ana nduwur meja sinau ilang,
mas.” jawabe Dimas karo nangis mingseg-mingseg ana nduwur kasur.
Mas Deni nyedhaki Dimas, melu
lungguh ana nduwur kasur. “Kotak? Kotak apa ta?”
Dimas meneng sedhela. Dheweke
bingung arep omong sing sabenere opo ora, amarga wingi wis omong marang ibune
yen kotak iku kotak petelot. Amarga Dimas kepengin kotak iku age-age
ditemokake, akhire dheweke milih jujur...
“Kotak werna ungu tua, isine coklat cacah
sepuluh. Coklat-coklat iku ana sing bentuke kotak, lan ana sing bentuke bunder.
Aku antuk kotak lan coklat iku saka Caca kanca sakelasku, nalika Caca bubar
piknik saka kutha Malang...”
“Lha wis kok goleki?”
“Wis dakgoleki nyang sanduwure
kasur, sangisore kasur, sangisore meja sinau, sanjerone tas, lan sanjerone
lemari klambi. Nanging durung daktemokake.” Suwara mingseg-mingseg tangise
Dimas tansaya ndadi.
Mas Deni ngelus-elus gegere Dimas. “Kowe
seneng banget karo coklat-coklat iku?”
“Seneng banget. Coklat-coklat iku
kayane ora didol ana kene,”
“Ngene bae, dim. Mengko mulih kerja
bakti dakewangi nggoleki. Nek perlu bapak lan ibu ya dakajake nggoleki. Piye?”
Dimas manthuk-manthuk tanda sarujuk
karo kangmase.
“Kira-kira coklat-coklatku bisa ditemokake apa ora,
mas?”
Mas Deni ngelus-elus gegere Dimas
maneh supaya rasa sedhihe Dimas tansaya suda. “Ngene lo dim... Yen
coklat-coklat iku bisa ditemokake, artine ya pancen rejekimu. Nanging yen ora bisa
ditemokake, aja digawe kuciwa, nesu, apa nangis ya. Amarga iku tanda yen kowe
kudu ngikhlasake. Wis ndang mandheg olehmu nangis,”
“Iya, mas. Yen ora bisa ditemokake, aku ora bakal
nangis maneh. Yen bisa ditemokake, aku bakal mbagekake coklat-coklat iku nyang
bapak, ibu, lan mas Deni...”
Mas Deni mung mesem.
Ngerti Dimas sing wis lerem atine, mas Deni njur
budhal kerja bakti. Mas Deni ora omong apa sing sabenere marang Dimas. Esuk mau
sadurunge Dimas tangi, mas Deni nemokake coklat cacah sepuluh iku leder, njur
age-age dititipake nyang kulkase tangga omah supaya ora leder. Kulawargane
Dimas durung nduwe kulkas. Mengko mulih kerja bakti mas Deni njupuk
coklat-coklat iku njur menehake marang Dimas.
***

Komentar
Posting Komentar