Crita Cekak "Mbak Hana"

Mbak Hana
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 34 Minggu III April 2019)

Krungu swara wong uluk salam saka ngarep lawang omahku, aku bingung. Sapa ya? Jam sanga-nan ngene iki perumahanku sepi, jalaran sing ngenggoni akeh sing kerja. Halah, ora ana gunane yen aku mung mbatin ana njero ati. Aku setengah mlayu tumuju lawang omah. Bubar lawang omah dakbukak, aku kaget. Ing ngarepku ana wanita ayu, awake putih mulus, pawakane dhuwur ramping, lan ambune wangi parfum mawar. Senajan wanita iku mung nganggo daster lusuh sadengkul, aura ayune ora suda. Seje adoh karo awakku sing rada ireng lan rambutku sing kelet jalaran kena kringet bubar mangsak saka pawon.
“Mangga mlebet mbak,” Wanita iku daksumanggakake.
            Wanita iku mesem, njur mlebu omahku. Dakajak lungguh ana kursi sofa.
            “Kula ngenggeni griya ngajeng niku, mbak.” Dheweke miwiti omongan kanthi grapyak semanak. Dheweke nggawa roti bolu diwadhahi loyang, njur diparingake aku.
            “Matur suwun lo, mbak. Kok repot-repot,”
            “Mboten repot. Kula sampun biyasa ndamel roti ngeten niki...”
            “Kula Hana,” Dheweke ngulungake tangan tengene.
            Aku mesem. Tangan tengene Hana daksalami. “Aku Rika. Enake nganggo basa ngoko wae, mbak Hana. Piye?”
            Mbak Hana manthuk-manthuk. “Iya. Ngoko rak enak,”                    
            “Pengin ngombe apa, mbak Hana?” takonku grapyak.
            “Gak perlu, mbak. Aku daklangsung mulih wae.”
            “Lho kok cepet-cepet?”
            “Iya. Aku ndang arep resik-resik omah. Iki mau lagi wae teka, dadi omahe durung dakresiki.”
            Aku unjal ambegan. Aku seneng antuk kanca omong-omongan ana omah. Hla biyasane aku pancen asring kasepen. Perumahanku yen wayah kerja sepi. Ing perumahanku wanita sing ora kerja sithik, bisa diitung driji. Nanging... ora mungkin yen mbak Hana daktahan ana omahku.
            “Ya, mbak. Liya dina mampir lo ya,” jawabku.
            Mbak Hana mesem, njur ninggalake omahku. Ambu parfum mawar-e isih keri, masiya dheweke wis ninggalake omahku.
            “Mbak Hana... Mbak Hana... Ayumu kok uleng-ulengan... Marai aku pengin wae.” swaraku alon nggremeng dhewe.
            Bengine...
“Omah ngarep iku wis ana sing ngenggoni, mas.” kandhaku marang mas Pram bojoku nalika dheweke ngadeg mandengi omah ngarep rada suwe saka cendhela omah. Omah ngarep omahku sing wis sesasi kosong katon padhang saka lampu-lampu sing mekan.
“Sing ngenggoni sapa, dhik?”
“Mbak Hana.”
“Mbak Hana thok?”
“Aku gak ngerti. Sedina iki aku mung weruh mbak Hana reresik omah karo ibu-ibu...”
“Oh.” Mung iku sing diucapake mas Pram. Mas Pram mbalik lungguh nyang kursi sofa, mbalik ngemil gedhang goreng gaweyanku.
“Eh mas, mbak Hana lo ayune uleng-ulengan.”
            “Hmmm.” Mung iku jawabane mas Pram.
Sabanjure, aku isih omong akeh perkara mbak Hana, kalebu omong perkara tekane mbak Hana esuk mau. Mas Pram mung nanggepi karo mesem lan nggremeng.
***
            Lagi telung ndina tepung, aku wis bisa raket karo mbak Hana. Malah kaya wong loro sing wis kenal suwe. Aku padha karo mbak Hana ing telung perkara. Kapisan, umurku lan umure mbak Hana sepantaran, mung setaun tua aku. Kapindo, aku lan mbak Hana wis nduwe bojo. Katelu, aku lan mbak Hana durung nduwe anak.
            “Hla bojomu ana ngendi, mbak? Kok aku durung nate kepethuk.” Takonku nalika sawijining sore jaduman ana teras omahe mbak Hana.
“Mas Niko bojoku kerja ana njaban kutha. Mulihe seminggu sepisan utawa rong minggu sepisan.” jawabe kanthi swara alus.
“Hmm... Pantesan wae sandhanganmu lan dandananmu katon modhis. Hla asile bojomu mesthi akeh jalaran kerja ana njaban kutha,”
            “Padha bojomu mbak, ana kantor swasta. Asile pancen luwih dhuwur tinimbang asil saka kutha kene, nanging kaceke ora akeh kok. Ya imbang karo mulihe sing bengi-bengi,”
“Bojoku mulihe ya bengi-bengi. Hla saiki apa ana ta mbak kerja sing mulih awan? Pegawe negri wae saiki mulihe surup-surup.”
            “Iya, mbak. Pancen nggolek dhuwit.”
Atiku saiki mongkog. Aku nemokake kanca sing wis suwe dakbutuhake sasuwene iki.
Jalaran mas Pram ora ngidinake aku kerja, aku pancen asring bosen ana omah. Apa maneh aku durung nduwe anak. Dadi omah isih sepi saka swara pating cemuwit bocah-bocah cilik. Kadhangkala aku iri karo wanita-wanita karier sing bisa kerja ana njaban omah, sing mesthi wae ora ngrasakake bosen kaya aku.
            “Aku pengin kerja, mbak. Nanging bojoku ora ngidinake...” sambatku.
            Mbak Hana mesem. “Wah ya manut bojo wae lo, mbak. Rak menak ta kari ngenteni bojo mulih saka kerja lan kari nyadhong?”
            “Pancen menak, nanging marai bosen. Kowe dhewe ora pengin kerja ana njaban omah?” takonku.
            “Ya pengin. Nanging aku ya pengin tetepungan suwe karo kowe, mbak. Saiki aku rak wis dadi tanggamu ta?”
Ah... mbak Hana pancen pinter nggawe atiku sangsaya mongkog. “Mbak Hana lo, pinter eram nggawe atiku sangsaya seneng...”
Mbak Hana mung nanggepi karo mesem cilik.
***
Minggu candhake nalika aku mlaku-mlaku esuk...
            Aku wiwit arang kepethuk mbak Hana. Esuk iku aku krungu kabar saka ibu-ibu perumahan, yen mbak Hana saiki kerja, mula budhale esuk mruput lan mulihe bengi-bengi. Durung ana sing ngerti kerjane mbak Hana ana ngendi. Hmm aku percaya, mbak Hana pancen nate omong nyang aku yen pengin dadi wanita karier. Masiya aku ora bisa dadi wanita karier, aku melu seneng ndeleng mbak Hana dadi wanita karier.
            Mulih jaduman karo ibu-ibu perumahan, aku weruh mbak Hana metu saka omah. Aku wis nglambekake tangan, tanda kepengin nyedhak lan omong-omongan. Aku mung plenggang-plenggong nalika taksi ndhisiki teka tinimbang aku. Mbak Hana mung mesem lan dhadha, tanda perpisahan nyang aku. Aku kuciwa marang sikepe mbak Hana sing ora grapyak maneh kaya mbiyen nalika sepisanan tepung.
“Geneya mbak Hana ora gelem nyempetake omong sakecap wae karo aku? Saesuk-esuke wayah mlebu kerja, mosok ora bisa omong sakecap wae karo aku?” batinku.
            “Wis, Rika. Mbak Hana pancen arep budhal kerja, mula mburu wektu. Wis ah, aja mikir sing ala-ala. Mikir ala marai nukulake penyakit-penyakit ati...” batinku maneh.
            Akhire aku klithih-klithih mulih ngomah sinambi nggawa pitakonan perkara malihe sikepe mbak Hana...
***
Minggu candhake, sawijining bengi nalika aku lan mas Pram ngglethak ana ndhuwur kasur. Wis ganep telung minggu mbak Hana dadi tangga anyarku...
            “Mas, manut kandhane ibu-ibu perumahan kene, mbak Hana ngarep omah iku kerjane ngancani turu wong lanang. Menurutmu piye?” kandhaku marang mas Pram.
            “Ngancani turu wong lanang?” Mas Pram ngucapake pitakonan iku. Mas Pram noleh nyang aku. “Maksude ngancani sing piye, dhik?”
            Aku unjal ambegan. “Mosok isih kudu dakjelasake ta, mas? Apa isih kurang jelas?”
Mas Pram tenanan mandengi aku. “Lho aja kleru, dhik. Ngancani iku ana loro. Siji, ana papan panglipur bengi sing sipate lepas. Loro, simpenan sing sipate luwih kaiket...”
            “Ibu-ibu perumahan kene ana sing nate meruhi mbak Hana dhedhelikan pethukan karo wong lanang. Pethuke ana njaban lawang gerbang perumahan iki.”
“Hmm... Terus sing kok rungu apa maneh?”
“Ya mung iku. Menurutmu mbak Hana dadi lepas apa simpenan, mas?”
“Wis, dhik. Aku ora seneng mbahas sing durung cetha. Awake dhewe durung tepung suwe karo mbak Hana, apike ditepungi wae sik sawetara wektu. Supaya awake dhewe ora gampang ngala-ala utawa ngalembana.”
            “Ya, mas.” semaurku cekak, senajan sabenere aku durung puas karo jawabane mas Pram. Aku isih pengin ngerti akeh perkara mbak Hana.
***
Wis ganep sesasi mbak Hana ngenggoni omah ngarep omahku. Esuk mruput aku numpak sepedha nututi bakul sayur sing biyasa mandheg ana njaban lawang gerbang perumahan. Aku pengin ndang gage mangsak, jalaran mengko jam setengah pitu aku senam bareng ibu-ibu perumahan sing ora kerja.
            Hawa esuk krasa adhem. Apa maneh iki mangsa udan, mulane hawane sangsaya njedhidhing. Jaket sing dakanggo dakrapetake slerekane nganti gulu, lan sepedha dakpancal rada gasik supaya bisa nyuda rasa adhem-e.
            Srengenge saka sisih wetan blas durung ngaton. Aku nginguk arloji sing dakanggo ana tangan kiwa, nuduhake jam setengah lima esuk. Brarti mas Pram mau budhale mruput eram. Mas Pram sing biyasane budhal kerja jam enem utawa setengah pitu, dumadakan wis budhal kerja sadurunge aku nyengklak sepedha mau...
Aku isih ing dalan aspalan njerone perumahan, nanging aku wis cedhak karo bakul sayur ana njabane lawang gerbang perumahan. Mripatku nangkep pawongan wadon sing arep mlebu mobil. Saknalika aku mandheg, ngamati saka kadohan. Parfum mawar bisa dakambu. Bener, iku mbak Hana ngarep omahku. Praupane mbak Hana katon bungah banget.
            “Kandhane mbak Hana mbiyen, bojone mulih seminggu sepisan utawa rong minggu sepisan. Nanging sesasi iki aku durung nate weruh bojone mbak Hana mulih...” batinku.
            “Bojone mbak Hana paling sing nyetir mobil iki,” batinku maneh.
Aku apal karo plat mobil iku. Ora let suwe sing nyetir mobil metu saka mobil, ambung-ambungan pipi tengen lan kiwa karo mbak Hana, rerangkulan kenceng karo mbak Hana, njur mbukak lawang ngarep sisih kiwa kanggo mbak Hana mlebu. Mripatku ora kliru ndeleng. Aku weruh tenan sapa sing nyetir. Sing nyetir iku pawongan lanang sing saben bengi ana omahku lan ngancani aku turu.
            “Apa mbak Hana dadi wanita simpenan-e mas Pram?” awakku kedher nalika ngucapake pitakonan iku.
(Cuthel)

Komentar

Posting Komentar