Dening : Naima
Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 34 Minggu III April
2019)
Krungu swara wong uluk salam saka ngarep lawang omahku, aku
bingung. Sapa ya? Jam sanga-nan ngene iki perumahanku sepi, jalaran sing
ngenggoni akeh sing kerja. Halah, ora ana gunane yen aku mung mbatin ana njero
ati. Aku setengah mlayu tumuju lawang omah. Bubar lawang omah dakbukak, aku kaget. Ing ngarepku ana
wanita ayu, awake putih mulus, pawakane dhuwur ramping, lan ambune wangi parfum
mawar. Senajan wanita iku mung nganggo daster lusuh sadengkul, aura ayune ora
suda. Seje adoh karo awakku sing rada ireng lan rambutku sing kelet jalaran
kena kringet bubar mangsak saka pawon.
“Mangga mlebet mbak,” Wanita iku daksumanggakake.
Wanita iku mesem, njur mlebu omahku.
Dakajak lungguh ana kursi sofa.
“Kula
ngenggeni griya ngajeng niku, mbak.” Dheweke miwiti omongan kanthi grapyak
semanak. Dheweke nggawa roti bolu diwadhahi loyang, njur diparingake aku.
“Matur
suwun lo, mbak. Kok repot-repot,”
“Mboten
repot. Kula sampun biyasa ndamel roti ngeten niki...”
“Kula
Hana,” Dheweke ngulungake tangan tengene.
Aku
mesem. Tangan tengene Hana daksalami. “Aku Rika. Enake nganggo basa ngoko wae, mbak
Hana. Piye?”
Mbak Hana
manthuk-manthuk. “Iya. Ngoko rak enak,”
“Pengin
ngombe apa, mbak Hana?” takonku grapyak.
“Gak
perlu, mbak. Aku daklangsung mulih wae.”
“Lho
kok cepet-cepet?”
“Iya.
Aku ndang arep resik-resik omah. Iki mau lagi wae teka, dadi omahe durung
dakresiki.”
Aku
unjal ambegan. Aku seneng antuk kanca omong-omongan ana omah. Hla biyasane aku
pancen asring kasepen. Perumahanku yen wayah kerja sepi. Ing perumahanku wanita
sing ora kerja sithik, bisa diitung driji. Nanging... ora mungkin yen mbak Hana
daktahan ana omahku.
“Ya,
mbak. Liya dina mampir lo ya,” jawabku.
Mbak
Hana mesem, njur ninggalake omahku. Ambu parfum mawar-e isih keri, masiya
dheweke wis ninggalake omahku.
“Mbak
Hana... Mbak Hana... Ayumu kok uleng-ulengan... Marai aku pengin wae.” swaraku
alon nggremeng dhewe.
Bengine...
“Omah ngarep
iku wis ana sing ngenggoni, mas.” kandhaku marang mas Pram bojoku nalika
dheweke ngadeg mandengi omah ngarep rada suwe saka cendhela omah. Omah ngarep
omahku sing wis sesasi kosong katon padhang saka lampu-lampu sing mekan.
“Sing
ngenggoni sapa, dhik?”
“Mbak Hana.”
“Mbak Hana
thok?”
“Aku gak
ngerti. Sedina iki aku mung weruh mbak Hana reresik omah karo ibu-ibu...”
“Oh.” Mung iku
sing diucapake mas Pram. Mas Pram mbalik lungguh nyang kursi sofa, mbalik
ngemil gedhang goreng gaweyanku.
“Eh mas, mbak
Hana lo ayune uleng-ulengan.”
“Hmmm.”
Mung iku jawabane mas Pram.
Sabanjure, aku
isih omong akeh perkara mbak Hana, kalebu omong perkara tekane mbak Hana esuk
mau. Mas Pram mung nanggepi karo mesem lan nggremeng.
***
Lagi
telung ndina tepung, aku wis bisa raket karo mbak Hana. Malah kaya wong loro
sing wis kenal suwe. Aku padha karo mbak Hana ing telung perkara. Kapisan,
umurku lan umure mbak Hana sepantaran, mung setaun tua aku. Kapindo, aku lan
mbak Hana wis nduwe bojo. Katelu, aku lan mbak Hana durung nduwe anak.
“Hla
bojomu ana ngendi, mbak? Kok aku durung nate kepethuk.” Takonku nalika
sawijining sore jaduman ana teras omahe mbak Hana.
“Mas Niko bojoku
kerja ana njaban kutha. Mulihe seminggu sepisan utawa rong minggu sepisan.”
jawabe kanthi swara alus.
“Hmm... Pantesan
wae sandhanganmu lan dandananmu katon modhis. Hla asile bojomu mesthi akeh
jalaran kerja ana njaban kutha,”
“Padha
bojomu mbak, ana kantor swasta. Asile pancen luwih dhuwur tinimbang asil saka kutha
kene, nanging kaceke ora akeh kok. Ya imbang karo mulihe sing bengi-bengi,”
“Bojoku mulihe
ya bengi-bengi. Hla saiki apa ana ta mbak kerja sing mulih awan? Pegawe negri
wae saiki mulihe surup-surup.”
“Iya,
mbak. Pancen nggolek dhuwit.”
Atiku saiki
mongkog. Aku nemokake kanca sing wis suwe dakbutuhake sasuwene iki.
Jalaran mas
Pram ora ngidinake aku kerja, aku pancen asring bosen ana omah. Apa maneh aku
durung nduwe anak. Dadi omah isih sepi saka swara pating cemuwit bocah-bocah
cilik. Kadhangkala aku iri karo wanita-wanita karier sing bisa kerja ana njaban omah, sing mesthi wae ora
ngrasakake bosen kaya aku.
“Aku
pengin kerja, mbak. Nanging bojoku ora ngidinake...” sambatku.
Mbak
Hana mesem. “Wah ya manut bojo wae lo, mbak. Rak menak ta kari ngenteni bojo mulih
saka kerja lan kari nyadhong?”
“Pancen
menak, nanging marai bosen. Kowe dhewe ora pengin kerja ana njaban omah?”
takonku.
“Ya
pengin. Nanging aku ya pengin tetepungan suwe karo kowe, mbak. Saiki aku rak
wis dadi tanggamu ta?”
Ah... mbak
Hana pancen pinter nggawe atiku sangsaya mongkog. “Mbak Hana lo, pinter eram
nggawe atiku sangsaya seneng...”
Mbak Hana mung
nanggepi karo mesem cilik.
***
Minggu
candhake nalika aku mlaku-mlaku esuk...
Aku
wiwit arang kepethuk mbak Hana. Esuk iku aku krungu kabar saka ibu-ibu
perumahan, yen mbak Hana saiki kerja, mula budhale esuk mruput lan mulihe
bengi-bengi. Durung ana sing ngerti kerjane mbak Hana ana ngendi. Hmm aku
percaya, mbak Hana pancen nate omong nyang aku yen pengin dadi wanita karier. Masiya aku ora bisa dadi wanita karier, aku melu seneng ndeleng mbak
Hana dadi wanita karier.
Mulih
jaduman karo ibu-ibu perumahan, aku weruh mbak Hana metu saka omah. Aku wis
nglambekake tangan, tanda kepengin nyedhak lan omong-omongan. Aku mung plenggang-plenggong
nalika taksi ndhisiki teka tinimbang aku. Mbak Hana mung mesem lan dhadha, tanda
perpisahan nyang aku. Aku kuciwa marang sikepe mbak Hana sing ora grapyak maneh
kaya mbiyen nalika sepisanan tepung.
“Geneya mbak
Hana ora gelem nyempetake omong sakecap wae karo aku? Saesuk-esuke wayah mlebu
kerja, mosok ora bisa omong sakecap wae karo aku?” batinku.
“Wis,
Rika. Mbak Hana pancen arep budhal kerja, mula mburu wektu. Wis ah, aja mikir
sing ala-ala. Mikir ala marai nukulake penyakit-penyakit ati...” batinku maneh.
Akhire
aku klithih-klithih mulih ngomah sinambi nggawa pitakonan perkara malihe sikepe
mbak Hana...
***
Minggu
candhake, sawijining bengi nalika aku lan mas Pram ngglethak ana ndhuwur kasur.
Wis ganep telung minggu mbak Hana dadi tangga anyarku...
“Mas, manut kandhane
ibu-ibu perumahan kene, mbak Hana ngarep omah iku kerjane ngancani turu wong
lanang. Menurutmu piye?” kandhaku marang mas Pram.
“Ngancani turu wong lanang?” Mas
Pram ngucapake pitakonan iku. Mas Pram noleh nyang aku. “Maksude ngancani sing
piye, dhik?”
Aku unjal ambegan. “Mosok isih kudu
dakjelasake ta, mas? Apa isih kurang jelas?”
Mas Pram tenanan mandengi aku. “Lho aja
kleru, dhik. Ngancani iku ana loro. Siji, ana papan panglipur bengi sing sipate
lepas. Loro, simpenan sing sipate luwih kaiket...”
“Ibu-ibu perumahan kene ana sing
nate meruhi mbak Hana dhedhelikan pethukan karo wong lanang. Pethuke ana njaban
lawang gerbang perumahan iki.”
“Hmm... Terus sing kok rungu apa maneh?”
“Ya mung iku. Menurutmu mbak Hana dadi
lepas apa simpenan, mas?”
“Wis, dhik. Aku ora seneng mbahas sing
durung cetha. Awake dhewe durung tepung suwe karo mbak Hana, apike ditepungi
wae sik sawetara wektu. Supaya awake dhewe ora gampang ngala-ala utawa
ngalembana.”
“Ya, mas.” semaurku cekak, senajan
sabenere aku durung puas karo jawabane mas Pram. Aku isih pengin ngerti akeh
perkara mbak Hana.
***
Wis ganep sesasi mbak Hana ngenggoni
omah ngarep omahku. Esuk mruput aku numpak sepedha nututi bakul sayur sing
biyasa mandheg ana njaban lawang gerbang perumahan. Aku pengin ndang gage mangsak,
jalaran mengko jam setengah pitu aku senam bareng ibu-ibu perumahan sing ora
kerja.
Hawa esuk krasa adhem. Apa maneh iki
mangsa udan, mulane hawane sangsaya njedhidhing. Jaket sing dakanggo
dakrapetake slerekane nganti gulu, lan sepedha dakpancal rada gasik supaya bisa
nyuda rasa adhem-e.
Srengenge saka sisih wetan blas
durung ngaton. Aku nginguk arloji sing dakanggo ana tangan kiwa, nuduhake jam setengah
lima esuk. Brarti mas Pram mau budhale mruput eram. Mas Pram sing biyasane
budhal kerja jam enem utawa setengah pitu, dumadakan wis budhal kerja sadurunge
aku nyengklak sepedha mau...
Aku isih ing dalan aspalan njerone
perumahan, nanging aku wis cedhak karo bakul sayur ana njabane lawang gerbang
perumahan. Mripatku nangkep pawongan wadon sing arep mlebu mobil. Saknalika aku
mandheg, ngamati saka kadohan. Parfum mawar bisa dakambu. Bener, iku mbak Hana
ngarep omahku. Praupane mbak Hana katon bungah banget.
“Kandhane mbak Hana mbiyen, bojone
mulih seminggu sepisan utawa rong minggu sepisan. Nanging sesasi iki aku durung
nate weruh bojone mbak Hana mulih...” batinku.
“Bojone mbak Hana paling sing nyetir
mobil iki,” batinku maneh.
Aku apal karo plat mobil iku. Ora let
suwe sing nyetir mobil metu saka mobil, ambung-ambungan pipi tengen lan kiwa karo
mbak Hana, rerangkulan kenceng karo mbak Hana, njur mbukak lawang ngarep sisih
kiwa kanggo mbak Hana mlebu. Mripatku ora kliru ndeleng. Aku weruh tenan sapa
sing nyetir. Sing nyetir iku pawongan lanang sing saben bengi ana omahku lan
ngancani aku turu.
“Apa mbak Hana dadi wanita
simpenan-e mas Pram?” awakku kedher nalika ngucapake pitakonan iku.
(Cuthel)

Wah wah, keren mbak
BalasHapusTerima kasih, cak.
HapusItu nggak ada lanjutannya??
BalasHapus