Putri
Tidur
Dening
: Naima Janatin Akbar
(kapacak
ing majalah Jayabaya No. 41 Minggu II Juni 2019)
Setu awan sapungkure
mulih kerja saka sekolahan SMA, nalika tumuju parkiran, aku kaget krungu
pitakonane mbak Fitri, “Santi, kowe pacare Bhanu Respati?”
Loro alisku meh gathuk.
“Pacar? Krungu jeneng Bhanu Respati wae lagi iki, mbak.”
“Iki lho wacanen.” Mbak
Fitri nduduhake sacuplik crita ana wattpad
nyang aku.
Irah-irahane crita iku
bisa dakwaca cetha, Kanggo Kembang Atiku
: Santi.
“Mbak Fitri, sampeyan
apa penggemar-e Bhanu Respati?”
“Iya.
Aku seneng karo tulisan-tulisane Bhanu Respati wiwit jaman SMA,”
Aku
ambegan landhung. “Pantesan. Sampeyan mesthi ngetutake crita-critane ya?”
Mbak
Fitri manthuk-manthuk. “Ya kudu. Pancen penggemar-e kok.”
“Tenan
ta kowe ora kenal karo penulis iki?”
“Mbak
Fitri kok takon maneh. Tenan mbak, aku krungu jenenge ya lagi iki.” Aku njur
ngathungake driji telunjuk lan tengah saka tangan tengenku. “Swearrr...!!”
“Sing
dakbingungi, kok jenenge padha karo jenengmu?”
“Halah mbak, jenengku
iki akeh sing madhani. Dadi... gak perlu digawe heboh.”
Mbak
Fitri mandengi aku kanthi praupan tenanan. “Sek ta lah. Kowe apa ora penasaran
geneya jeneng tokoh ceweke padha karo jenengmu?”
“Gak blas, mbak. Wis
ya... aku dakmulih,” Aku gage munggah nyang jok sepedha motorku, ninggalake
mbak Fitri sing kayane isih durung percaya karo aku.
“Awas
lho ya yen kowe kenal.” Swarane mbak Fitri isih bisa dakrungu. Nanging aku
panggah nerusake laku, nyengklak sepedha motor...
Aku ngono modhele cuek,
malah jarene kanca-kancaku kadhangkala aku keliwat cuek. Dadi... yen ana
gosip-gosip ora cetha utawa kabar burung,
aku ora nate nggape, ora nate ngurusi, lan males ngrembug. Titik.
Aku dadi asisten-e mbak
Fitri ana TU SMA rong taun pungkasan iki. Aku ngewangi ngetik-ngetik, dene mbak
Fitri ngurusi administrasi.
Bengine.
Mbak Fitri dolan nyang omahku. Sing dirembug marai aku kepengin ngalih wae.
Sapa maneh yen dudu penulis sing dirembug awan mau...
“Mbak
Fitri... mbak Fitri... gak ana bahan rembugan saliyane iku ta?” batinku.
“San,
wacanen iki. Saiki critane si cowok wis nglamar si Santi.” kandhane karo
mepet-mepet aku. Sajake pengin banget supaya aku melu ketarik.
Aku
mung bisa mringis. “Aduh, aku males maca, mbak. Tenan.”
Mbak
Fitri ambegan sedhela. “Ngene wae. Kowe dakcritani kisah nyatane penulis iki.
Gelem ya? Oke gelem.”
Aku
mung bisa pringisan maneh.
“Critane
ngene... Aku nduwe kanca SMA jenenge Vina, Vina nduwe kanca jenenge Rara. Aku
gak kenal Rara. Manut kandhane Vina, Rara iku nunggal SMP karo penulis iki, lan
penulis iki wis suwe nyenengi cewek. Nanging Vina lan Rara gak ngerti, kisah
nyatane penulis padha karo crita iki apa ora...”
“Oh.”
Mung iku tanggepanku.
“Kok
mung ‘oh’ ta?”
“Hla
aku kudu piye, mbak? Aku pancen ora seneng drama-drama romansa mengharu biru ngono iku...”
“Coba
eling-elingen. Apa ana kanca lanangmu sing kira-kira wis suwe ngesir kowe?”
“Gak ngerti aku, mbak.”
“Kakean
cuek kowe, san. Mula ora bisa peka karo gelagat cowok sing ngesir kowe...”
Aku
ngangkat pundhakku loro-lorone njur dakudhunake maneh. Tanpa perlu njawab
apa-apa.
“Weleh...
weleh... mas Dhana. Potone sapa iku, mas?” takonku marang mas Dhana sapungkure
aku teka nyang markas komunitas Jumat Barokah. Jumat Barokah ngono komunitas
sing isine para remaja, mahasiswa, lan diwasa mudha, pokok sing durung ningkah.
Sabenere komunitas iki ya nggandheng pawongan sing wis ningkah, nanging sing
wis ningkah akeh-akehe gak gelem, jarene isin awor bocah-bocah. Kegiyatane bagi-bagi
rejeki nyang kaum dhuafa saben dina Jumat. Rejeki iku bisa arupa sega bungkus,
jajanan, bubur kacang ijo, kolak, buah-buahan, sembako, utawa dhuwit. Hmm masiya
saka njaba aku katon cuek, nanging aku perhatian marang pawongan-pawongan sing
kurang mampu...
Mas
Dhana sing kacamata-nan, rambute gondrong, lan pakulitane kuning iku kaget
krungu pitakonanku. Salembar foto cewek embuh fotone sapa sing maune
diiling-ilingi cepet-cepet dilebokake nyang dhompete. Mari ngono, praupane
malih abang kebak rasa isin.
“Sepurane,
mas. Sampeyan dadi isin hehehe...” ujarku cepet-cepet karo dakselingi ngguyu. Hla
mas Dhana isih meneng, nggawe aku ngrasa kliru wae.
“Alah
gak apa-apa. Wis biyasa kok. Biyasa ditolak cewek. Hahaha...”
“Ora
percaya aku. Nggantheng-nggantheng kaya sampeyan ora mungkin ditolak cewek. Aku
ki lho mas sing cetha ditolak cowok. Aku jones, alias jomblo ngenes...”
“Jebule
ana sing senasib karo aku. Kene-kene, crita nyang aku...”
Saknalika
mripatku melek amba, lan kupingku mekrok amba. Yuh mongkog eram aku enek
pawongan sing gelem ngrungokake crita ngenesku. Apa maneh ora aku sing njaluk,
nanging dheweke sing nawani.
“Aku
seneng karo mas Gian sing saiki ana Bandung...” swaraku melas.
“Hla ya digoleki
kontak-e ta, san. Jaman saiki lo gampang nggoleki medhia sosial-e saben
pawongan. Bisa nggoleki liwat facebook, twitter, instagram, path, lan
liya-liyane.”
Aku
unjal ambegan abot. “Wis kabeh medhia sosial dakjajaki. Nanging blas ora bisa daktemokake
jenenge. Pancen, mas Gian iku pawongan sing njaga privasi banget.”
“Ora
ana kulawargane ing kene sing nduwe nomer telpune?”
Aku
gedheg-gedheg. “Kabeh kulawargane wis pindhah nyang Bandung,”
“Wiwit
kapan pindhahe?”
“Aku
lali. Sing cetha wis suwe...”
Mas
Dhana unjal ambegan. “Hmm wis suwe ya...”
Aku mleruk. “Lha yo,
mas. Terus aku kudu piye?”
“Tenang,
san. Jodhoh gak akan kemana.”
“Alah
mas... Tikungan-e iku lo sing dimana-mana.”
Mas
Dhana gedheg-gedheg. “Masiya tikungan dimana-mana, masiya tikungan sangsaya
ngeri, masiya akeh rintangan, yen dheweke wis katulis ing Lauhul Mahfuz dadi
jodhomu, ya bakal dadi jodhomu.” Swarane mas Dhana teges.
Mas
Dhana menyat ninggalake aku, njur nyiap-nyiapake jajanan sing ora suwe maneh
bakal dibagek-bagekake nyang kaum dhuafa bubar Ashar mengko. Awakku mung meneng
njegreg jalaran kedher krungu ukarane mas Dhana sing pungkasan. Ukarane nunjem
atiku, nganti palung atiku sing paling njero.
Senin candhake. Kaya
biyasane yen dina Senin esuk ana upacara ing latar sekolahan SMA. Mula esuk iku
budhalku rada gasik tinimbang dina-dina liyane Senin.
Tekan
sekolahan SMA, hla kok isih sepi. Jan sepi banget. Ing kantor TU mung ana aku.
Ing ruwang guru malah durung ana sapa-sapa. Sing wis ana pak pesuruh karo pak penjaga malam. Kadingaren budhalku
paling esuk? Ah... gara-gara ngipiku mau bengi. Ngipiku mau bengi durung
mungkur, hla kok jam telu esuk mau dumadakan aku tangi. Sing nggawe aku
mangkel, bubar ngono aku ora bisa turu maneh...
Metu
saka ruwang TU, ana sing nggeblog gegerku saka mburi...
“Santi,
kene lo dakkandhani.” Jebul sing nggeblog gegerku mbak Fitri.
“Kandhani
apa, mbak?”
“Wis, ayo!” Tanganku digeret
mbak Fitri lungguh ing lungguhan ngarepe madhing sekolah, sing ora adoh saka
ruwang TU. Aku manut wae. Idhep-idhep mbak Fitri bisa dakanggo kanca
omong-omongan, tinimbang dhewean ora cetha...
Mbak Fitri mbukak wattpad, njur nduduhake nyang aku critane
mas Bhanu Respati sing irah-irahane Kanggo
Kembang Atiku : Santi. Aku mesem kecut.
“Wacanen.
Hot tenan iki, san. Saiki lo si Santi nampa lamaran-e si cowok. Hmm ya ampun...
so sweet pol...”
Bathuke
mbak Fitri gage dakdemek. “Mbak, awakmu ora panas. Kok tingkahmu wiwit gak
cetha ngono. Eling mbak, iku mung khayalan.”
“Oalah
san... Pisan wae po’o kowe nanggepi kanthi positif? Hiihhh...” Mbak Fitri njur nggeget
untu-untune.
“Eh
mbak, ayo nyang lapangan. Mending suwe ngenteni nyang lapangan tinimbang suwe
gak cetha ana kene.” Mbak Fitri dakajak nyang lapangan.
Tanpa
njawab apa-apa mbak Fitri ngetutake aku sing wis mlaku dhisik tumuju lapangan.
Lapangan sekolahan ora sepi kaya nalika aku lagi tekan sekolahan mau, nanging
wis lumayan rame, masiya akeh-akehe isih murid-murid sing bakal dadi petugas
upacara.
Ing
tengah-tengah upacara aku ora uwis-uwis eyel-eyelan karo mbak Fitri. Perkarane
isih panggah, yaiku perkara Bhanu Respati. Mbak Fitri nate krungu yen sekolahan
bakal ketekanan penulis, lan penulis iku bakal dadi Guru B.Indonesia. Aku ora
percaya...
“Perkenalkan... Saya Giandra Dhananjaya,
biasa dipanggil pak Gian. Kalau di komunitas Jumat Barokah saya dipanggil Dhana,
karena juga ada nama Gian di komunitas tersebut. Saya akan menjadi Guru
B.Indonesia di sini menggantikan pak Catur yang sudah pensiun. Oh ya, nama pena
saya Bhanu Respati...” Dumadakan keprungu swara iku saka mikrofon sing
dianggo sambutan pembina upacara mau.
Dheg!
Kaya ana bledheg ngampar-ampar atiku ing wayah esuk.
“Mas
Gian... kapan balimu mrene?” swaraku alon.
Ora let suwe kabeh sing
ana ngarepku dadi peteng, njur ora ana sing bisa dakeling-eling maneh. Tangi-tangi
aku wis ana UKS, lan ing cedhakku ana pak Gian lan mbak Fitri.
Pak Gian mandengi aku.
“Santi, kowe gelem dadi ibune anak-anakku?”
Aku ngowoh mandengi pak
Gian sing ora kacamata-nan lan rambute malih cepak.
“San, didangu pak guru
iku lho...” ujare mbak Fitri karo ngampet ngguyu.
“Gelem...
pol.”
“Kaya putri tidur wae
kowe, san. Tangi-tangi dilamar pangeran...” ujare mbak Fitri isih karo ngampet
ngguyu.
Aku mesam-mesem.
“Ngipiku mau bengi dadi putri tidur sing dilamar pangeran nggantheng kedadeyan
tenan...”
Aku, mbak Fitri, lan
pak Gian ngguyu kepingkel-pingkel...

Keren mbak, udah terbit di majalah 👍👍👍 mantap
BalasHapusIni saya, Yudha 😇
HapusMakasih, Yudha :)
Hapus