Crita Cekak "Kopi Ireng"

Kopi Ireng
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Djaka Lodang No. 14 Sabtu Pon, 31 Agustus 2019)

            Kanoman seneng kopi? Ora sethithik. Wong diwasa seneng kopi? Ora sethithik.
Kopi akeh manfaate. Saliyane bisa kanggo ngapiki mood lan nyegah stres, kopi ya bisa kanggo nambah tenaga, obat lara sirah, nyegah pikun, nyegah lara jantung, nglancarake metabolisme awak, lan isih akeh manfaat liyane.
Amarga saiki sangsaya akeh cara nggawe kopi, maneka werna kopi ya sangsaya akeh. Malah saiki wis kondhang cara nggawe kopi nganggo mesin espresso. Cara kerjane, mesin espresso menehi press marang kopi sing wis digiling nganggo banyu panas. Mesin espresso bisa nggawe unthuk saka susu sing njur disok nyang ndhuwure kopi sing wis diwadhahi cangkir. Unthuk iku bisa dibentuk gambar manut pesenan. Bisa gambar kembang, gambar godhong waru, gambar bonekah, gambar bintang, gambar planet, gambar tokoh-tokoh kartun, malah uga bisa gambar praupane wong. Ana ndhuwure kopi sing wis digambari isih bisa ditambahi toping bubuk soklat.
Saka mesin espresso, akeh jeneng kopi keren sing ora ana ampase. Ana kopi luwak, espresso, latte, cappuccino, marachino, flat white, mocha, piccolo latte, lan liya-liyane. Kanoman-kanoman saiki ora sethithik sing seneng karo maneka werna kopi sing digawe saka mesin espresso. Ditambah ngombe kopine ana kafe resik karo nganggo fasilitas gratis wifi-nan, sangsaya nggawe mongkog atine kanoman-kanoman saiki. Apa maneh kanggo mahasiswa sing butuh wifi gratis kanggo nggarap tugas...
Bagus, jaka selawe taunan sing makarya ana salah sawijining kantor swasta, sing sandhangan lan penampilane mesthi modis, sing praupane bagus, cetha bakal mundhak bagus yen ngombe kopi maneka werna ana kafe. Nanging... kanyatane ora. Embuh kena ngapa Bagus malah luwih seneng ngombe kopi ireng racikane ibune ana omah diwadhahi nganggo cangkir cilik motif loreng.
            “Bagus-bagus kok ngombe kopi ireng diwadhahi cangkir cilik motif loreng. Kaya mbah-mbah wae. Kowe iku sakjane cah jaman saiki apa cah jaman jadul ta, gus?” panggodhane Awang kanca sekolahe Bagus mbiyen nalika dolan nyang omahe Bagus.
            “Crewet wae kowe, wang. Urip rak bebas ta?”
            “Kanggoku gak cocog karo praupanmu sing bagus lan sandhanganmu sing modis,”
            Bagus mung mesem kecut, ora njawab apa-apa.
            “Gus, sesok rak dina Minggu. Ayo sesok ngopi!” pangajake Awang kanthi semangat.
“Ngopi nyang ngendi?”
“Nyang kafe Anyelir. Iku kafe anyar lo. Sesok bukaan sepisanan. Papane ora adoh saka SMA-ne awake dhewe mbiyen. Piye?”
            Bagus durung nganti njawab, Awang wis kandha maneh, “Amarga sesok bukaan sepisanan, mesthi bakal ana diskonan hahaha... Oh ya, ana kopi ireng lo gus.”
            “Yen pancen ana kopi ireng, ya ayo aku gelem. Yen gak ana kopi ireng, kowe daktinggal mulih,”
            “Yuh kowe tega banget, gus.”
            Bagus ngguyu. “Ora wang... ora. Aku mung guyon. Hahaha... Aku ora bakal ninggal kowe yen ora ana kopi ireng,”
Bagus asring ora gelem metu ngopi yen papane ngopi ora ana menu kopi ireng. Mula akeh kancane Bagus sing nggumun, geneya Bagus mung gelem ngombe kopi ireng...
Yen ditakoni kena ngapa ora gelem ngombe kopi saliyane kopi ireng, Bagus mung mesem, njur njawab santai, “Iki ngelingake aku karo swargi bapakku. Ya bapakku sing sepisanan ngenalake aku karo kopi ireng...”
            Nanging sabenere... isih ana kedadeyan sing nggawe Bagus seneng ngombe kopi ireng. Kedadeyan iku dumadi nalika Bagus isih kelas loro SMA...
Nalika mulih sekolah wayah sore udan riwis, Bagus numpak sepedha motor arep nyabrang metu saka sekolahan. Kahanan sekolahan wis lumayan sepi. Paling mung kari lima nganti pitu murid sekolah kalebu Bagus. Dumadakan ora adoh saka sisih kiwane ana kenya mudhun saka halte ngarep sekolah, cepet-cepet nyedhaki Bagus...
            “Mas... Mas...”
            Bagus mbukak helm biru-ne, njur noleh nyang kenya iku. “Ya, mbak?”
            “Aku Mita kancamu sa-angkatan. Sampeyan Bagus ya?”
            “Iya.” jawabe Bagus alon.
            “Emm... Aku oleh nyuwun tulung sampeyan?” Mita takon mangkono praupane kebak pengarep-arep.
            “Nyuwun tulung apa, mit?”
Mita ora langsung semaur. Sajake rada isin arep miwiti omong. Pancen dheweke ora tepung karo Bagus. Aksi-ne sore iku ya mung sok kenal sok dekat karo Bagus. “Isih nduwe pulsa hp? Pulsaku entek je,”
            “Wah aku gak nggawa hp, mit. Arep kanggo apa pulsane?” takone Bagus.
            “Arep dakanggo nelpun masku, nyuwun tulung masku supaya gelem mapak aku nyang kene. Hla aku ngenteni bis gak liwat-liwat...”
            Bagus meneng sedhela sinambi mikir.
            “Ayo dakterake nganti omahmu wae. Tinimbang ora cetha ana kene.”
            “Wah... aku malah dadi repotmu,”
“Ora kok... Aku ora repot. Nanging aku gak nggawa jas hujan. Piye?”
            Saiki ganti Mita sing mikir. Dheweke sabenere ora kepenak karo Bagus. Amarga sasuwene iki Bagus kondhang minangka bocah sing anti pacaran karo kenya. “Hla mengko gek-gek aku dikira pacare?” batine Mita.
            “Gak apa-apa gak ana jas hujan.” Swarane Mita mandheg sedhela. “Gak apa-apa ngeterake aku? Gak apa-apa boncengan wong loro?” Mita takon kanthi tenanan.
            “Wis gak apa-apa. Ayo ndang munggah. Selak udane tambah deres lo,”
            Akhire Mita munggah nyang ndhuwur sepedha motore Bagus, lan mulih ngomah diterake Bagus. Sadalan-dalan ora akeh omongan antarane kanoman loro iku. Sadalan-dalan akeh diisi dening hawa adhem lan udan riwis...
            Tekan omahe Mita, Mita gage nyritakake kedadeyan mula bukane dheweke bisa boncengan karo Bagus marang ibune, lan ibune percaya. Mita pancen dikenal bocah sing ora neka-neka, mula arang banget omong apus-apus. Dumadakan udan deres teka. Ibune Mita mrayogakake Bagus ngiyup dhisik ana njero omah, lan Bagus manut.
            “Sepurane, gus. Sampeyan dadi kebetheng ing kene.” kandhane Mita marang Bagus.
            Bagus mesem. “Ora apa-apa. Hla iki mau yen aku langsung mulih, aku malah kudanan ana ndalan...”
            Bagus njupuk siji gedhang goreng anget gaweyane ibune Mita. Adhem-adhem, mangane anget-anget. Hmm rasane enak. Ditambah ngombene kopi ireng diwadhahi cangkir cilik motif loreng. Hmm rasane tambah enak. Ditambah ana kenya ayu lan ibune kenya ayu sing njadumi. Hmm rasane sangsaya tambah enak. Senajan Bagus ngono bocah sing anti pacaran, sore iku atine wiwit kasengsem marang tindak-tanduke Mita. Sore iku uga, ana njero ati Bagus kandha yen Mita kenya paling ayu sing nate ditepungi...
            “Mas, iki lo kopi ireng-e.” Swara sisihane Bagus njedul saka njero omah, nggawa kopi ireng diwadhahi cangkir cilik motif loreng kanggo Bagus sing ana teras.
            Bagus durung nganti njawab, sisihane kandha maneh, “Rak enak ta sore-sore ngene iki ngombe kopi ireng?”
            “Enak pol. Apa maneh dikancani Mita-ku sing paling ayu.”
“Kangen ya karo kopi ireng?”
            “Bakal terus kangen. Uga kangen karo cangkir cilik motif loreng,” jawabe Bagus karo mandengi mripate sisihane sing lagi dirabi seminggu iku.
            “Aku ya kangen karo helm biru-mu, mas...”

Komentar