Crita Cekak "Wit Klengkeng"

WIT KLENGKENG
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 8 Minggu III Oktober 2019)

Dina-dina pungkasan ing sasi Oktober durung ana udan. Ing ngarep ruwang keluwarga, Rhea sing kepanasen langsung nguripake kipas angin. Hawa ing kutha Ngawi sing dhasare panas saiki malah tambah panas. Saka lawang ngarep omah njedhul Cipta bojone sing mulih saka kerja, nggawa siji tas kresek ireng isi klengkeng sakilo.
            “Iki klengkeng paling legi sing nate daktuku.” Cipta kandha karo nyelehake siji tas kresek ireng isi klengkeng sakilo ana ngarepe Rhea.
            Rhea mesem kecut. “Mosok? Legi iku relatif. Kanggomu paling legi nanging kanggone wong liya durung temtu paling legi.”
            Cipta ya mesem kecut. “Alah dhik, kowe gak perlu kakean diplomasi. Kandhaa wae yen kowe pancen ora setuju karo sing dakkandhakake.”
            “Pancen. Klengkeng iki mesthi gak luwih legi saka klengkeng ing ngarep omahe ibu.”
            “Kandha ngono wae ndadak dibukak nganggo ukara diplomasi barang...
            Rhea ngguyu amba.
            Wis, aku ngaku kalah. Sasi iki ora sasi panen klengkeng, mula rasane klengkeng seje-seje, ana sing legi, ana sing biyasa. Nanging, klengkeng sing uwoh ing sasi-sasi panen kaya ing sasi Januari lan Februari, rasane klengkeng umume padha, tegese legi kabeh.
            Seri, mas. Ukaramu sing pungkasan ya bener.”
            “Ya ya.”
            Rhea unjal ambegan alon-alon. Kanggone dheweke, klengkeng ing ngarep omahe ibu pancen seje, senajan jenenge padha-padha klengkeng. Dheweke nduwe rasa sayang karo klengkeng iku. Dheweke isih eling. Swargi bapake sing priyayine seneng tetandur wit-witan nduwe cara unik kanggo maringi tanda kelairan anak-anake. Nalika mas Bayu lair, bapak nandur wit klengkeng ing pojok wetan plataran omah. Wit pelem ing mburi omah yaiku wit sing ditandur bebarengan karo kelairane mas Guntur. Loro wit gedhang ing mburi omah ditandur kanggo nengeri kelairane mbak Widya. Dene nalika Rhea lair, bapak nandur wit klengkeng ing pojok kulon plataran omah.
            “Mas, kahanane ibu saiki piye ya? Aku kuwatir karo ibu,”
“Dhik, mikir sing apik-apik wae. Pikiran iku ya donga lo...” Cipta njur ngemplok siji klengkeng maneh. Embuh wis klengkeng kepira sing diemplok.                                                                                               
            “Mas, aku tenan kuwatir karo ibu. Ibu dhewe lo. Mbak Marni sing ngewangi ibu resik-resik rak mung mara ing wayah esuk lan sore,”
            “Wis, dhik. Aja dipikir abot.” Cipta ngelus-elus sirahe Rhea, njur ngadeg. “Aku dakadus dhisik.” Cipta ninggalake Rhea dhewe ana ruwang keluwarga.
            Ing langit sisih kulon mega werna abang marun campur oranye katon endah. Werna sing ngelingake Rhea karo wit klengkeng ing ngarep omahe ibu. “Umpama sasi iki klengkeng ing ngarep omahe ibu ora uwoh, pang-pang lan godhong-godhonge klengkeng mesthi ceblok amarga katerak angin. Ibu mesthi terus nyapu gogrogan pang-pang lan godhong-godhong klengkeng sing ngebaki plataran omah. Nyaponi plataran amba nalika wayah esuk lan sore cetha nggawe ibu dadi sayah...” Rhea omong dhewe.
            Saka papat anake ibu, sing loro mrantau adoh, sing loro ora mrantau adoh. Mas Bayu anak mbarep ana Sidoarjo. Mas Guntur anak nomer loro uga ana Sidoarjo. Mbak Widya anak nomer telu ana Mediun. Rhea anak ragil tetep ing Ngawi, mung seje kecamatan karo ibu. Ibu ana kecamatan Kwadungan, dene Rhea ana kecamatan Geneng. Mbiyen Rhea lan mbakyune wis rembugan yen bisa aja mrantau adoh, amarga ibu ora gelem saomah bareng anak lan mantune. Lan saiki sing asring iglak-iglik tilik ibu ya Rhea lan mbak Widya.
Dina Minggu wingi Rhea ora bisa mulih niliki ibu. Sabenere omahe Rhea tekan omahe ibu mung perlu setengah jam-an. Nanging dina Minggu wingi ana acara reuni lan gathering sing nganggo jasa Event Organizer usahane bojone. Usaha Event Organizer-e bojone pancen lagi nedheng-nedhenge. Lan usaha butike Rhea wiwit kondhang. Mas Bayu lan mas Guntur ya repot. Dadi mung mbak Widya sing bisa mulih niliki ibu. Manut kandhane mbak Widya, ibu sehat, mung katon rada kuru. Mbak Widya wis nakoni ibu, geneya ibu katon kuru. Ibu mung wangsulan kekeselen wae.
            Rhea ngrasa kliru. Ibu sing saiki dhewe ana omah, ibu sing kancane swara kewan-kewan nalika ngancik wayah bengi, cetha ngantu-antu tekane anak-anake.

Sesoke, dina Selasa bengi. Rhea kaget jalaran ing hp-ne ana tipak telpun saka mbak Widya. Kathik tipak telpune nganti ping papat. Mesthi ana kabar penting. Yen ora penting, ora mungkin telpun nganti kaping semono.
            Ana apa, mbak? Mau aku isih metu nggolek mangan karo mas Cipta, lan hp-ku daktinggal ana omah. Rhea njur nge-WA mbak Widya.
            Ibu mlebu rumah sakit, rhe. Iki aku wis ing rumah sakit umum kutha Ngawi. Balesane saka mbak Widya langsung nggawe awake Rhea dadi kedher.
            Pantes wae rong ndina Rhea kepikiran terus ngenani ibu. Jebule kontak batin iku isih ana, senajan dheweke wis omah-omah lan wis ora saomah bareng ibu.        
Ibu gerah apa, mbak?
Ibu watuk wis meh sesasi. Iki isih nunggu asil rontgen.
Bengi iki aku lan mas Cipta langsung mrono.
            Iya.
Sadalan-dalan tumuju rumah sakit ukara ibu mlebu rumah sakit terus keprungu ing kupinge Rhea. Malah isih keprungu nalika dheweke wis tekan papane ibu dirumat.
            Rhea sedhih ndeleng ibu sing kuru lan lemes ngglethak ing ndhuwure kasur rumah sakit karo tangan kiwane ditunjem selang infus.
            “Rhe, ibu kena bronkitis.” Mbak Widya nyampekne padha karo isine asil rontgen.
            “Geneya ibu bisa kena bronkitis?” Rhea takon.
            “Kowe rak ngerti dhewe. Saben esuk lan sore ibu asring nyapu plataran omah. Kadhangkala ibu ngebong wuh pang-pang lan godhong-godhong ana pawuhan mburi omah. Cetha ibu kena bronkitis, hla saben ndina kancane bledug karo keluk.” jawabe Mbak Widya.
Rhea terus meneng, ora takon maneh. Saiki sing penting kepriye supaya ibu cepet waras, batine Rhea.

Patang bengi dirawat ing rumah sakit, ibu diidinake mulih karo dhokter. Rhea lan mbak Widya seneng. Apa maneh pancen kekarone sing nunggoni ibu ana rumah sakit. Mas Bayu lan mas Guntur ora bisa melu nunggoni. Saliyane manggone adoh, mas Bayu lan mas Guntur ora bisa njupuk cuti. Lan preine mas Bayu lan mas Guntur dina Setu lan Minggu. Rhea lan mbak Widya ora ndadekake perkara. Cetha mesakake mas Bayu lan mas Guntur yen kudu bolak-balik Sidoarjo-Ngawi kanggo nunggoni ibu ing rumah sakit.
Malem Minggu kahanan omahe ibu luwih rame tinimbang biyasane. Kapapat anak-anake, kapapat mantu-mantune, lan kabeh putu-putune, teka kanggo nginep sewengi. Sedulur-sedulur cedhak lan para tangga teparo uga teka jagongan, padha nyritakake lelakone dhewe-dhewe. Mula wajar yen kadhangkala keprungu guyu saka sing teka jagongan.
Nalika kabeh tamu wis padha mulih. Nalika ibu, mantu-mantune, lan putu-putune wis mapan turu. Njur mung anak-anake ibu sing isih melek. Langsung ana rembugan antarane Rhea bareng mas-mase lan mbak Widya. Mas Bayu ngandhani, becike wit klengkeng sisih pojok wetan ditebang, jalaran wite sing gedhe lan tuwa ngasilake wuh akeh uga wis ora nukulake klengkeng maneh. Mas Guntur ora bisa ngandhani, amarga rumangsa ora ngrumat ibu, mula manut keputusane Widya lan Rhea sing asring ngrumat ibu. Mbak Widya sing wiwitane mangu-mangu, akhire ya masrahake keputusane nyang Rhea. Senajan omahe dheweke ya cedhak karo omahe ibu, nanging sing paling asring niliki ibu ya Rhea.
“Aku ora bisa langsung njupuk keputusan. Wong aku anak ragil.” Rhea njur nyawang mas Bayu. “Piye mas yen menurutmu?”
Mas Bayu ambegan sedhela. “Senajan aku anak mbarep, aku ya melu masrahake keputusan nyang kowe, rhe. Bener kandhane Guntur lan Widya.”
Keputusanku, manut apa sing dikersakake ibu wae. Ibu supaya milih, milih wit klengkeng sisih pojok wetan ditebang apa milih melu salah siji saka anak-anake.”
Sedhela ora ana swara apa-apa. Nanging akhire, kabeh sarujuk karo keputusane Rhea.

Sesoke. Ibu ora gelem melu salah siji saka anak-anake. Ibu milih ana omah njaga omah lan wit-witan. Alesane, omah lan wit-witan iku tinggalane bapak sing kudu dijaga. Tegese wit klengkeng sisih pojok wetan kudu ditebang. Ana njero ati Rhea ora lila yen wit klengkeng sing umure patang puluh taun iku kudu ditebang. Senajan wit klengkeng iku wis ora nukulake klengkeng, nanging wit iku bisa banget kanggo iyup-iyup omah.
Akhire Rhea kandha, dheweke sing saben ndina bakal ngrumat ibu, bakal bolak-balik Geneng-Kwadungan, dadi wit klengkeng sisih pojok wetan ora perlu ditebang. Mengko yen malem Minggu bakal ngajak mas Cipta, lan mas Cipta sing langsung ditakoni njawab gelem. Mas Bayu, mas Guntur, lan mbak Widya mandengi Rhea tenanan.
“Rhe, aku nduwe bayi. Aku kangelan yen kokajak gentenan.” mbak Widya nyuwara.
“Tenan, mbak. Aku gak masalah yen mung gentenan karo mas Cipta.” jawabe Rhea.
Senajan ngrasa abot lan mesakake Rhea, akhire mas-mase lan mbakyune nyarujuki apa sing dadi karepe Rhea. Mas-mase lan mbakyune pesen, yen ibu utawa Rhea butuh apa-apa kudu kandha, aja dipendhem dhewe. Rhea sarujuk.

Sesoke, dina Senin esuk. Nalika kabeh anak-anake ibu wis padha tekan omah lan wis padha mbalik nyang rutinitase. Dumadakan Rhea ngrasa sirahe mumet, wetenge muneg-muneg, terus ora suwe mutah-mutah. Mas Cipta langsung nggawa Rhea nyang kamar.
            “Atake kowe ngandhut, dhik.”
Rhea kaget. Pancen wis meh telung sasi dheweke ora wulanan.
            “Mokal aku bisa ngrumat ibu saben ndina. Aku ora pengin kelangan calon anak mbarepku iki. Wit klengkengku sayang, sajake kowe bakal ditebang.” Rhea omong mangkono ana njero ati.

Komentar