Dening : Naima Janatin
Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 10 Minggu I November
2019)
Srengenge
sing mau awan nggawe mletheke ubun-ubun lan panase kulit, saiki wis angslup ing langit sisih kulon.
Manuk-manuk akeh sing njur mbalik nyang sarange dhewe-dhewe. Bocah-bocah sing
maune padha dolanan ana lapangan, uga wis padha mbalik nyang omahe dhewe-dhewe.
Ibu-ibu uga ora kalah. Putra-putrane cepet-cepet diajak mlebu nyang omah. Wayah surup
chandiakala pancen wis teka...
Nurma
isih setya ana kamare. Pangrasa mangu-mangu ngebaki pikirane wiwit awan mau.
Wis suwe banget dheweke pengin nerusake kuliyah S3 ana luwar negri. Nanging
mbiyen bapak lan ibune wis nate maringi pitutur murih dheweke milih ningkah dhisik terus lagi nerusake S3.
Saiki dheweke bingung kepriye arep kandha sing menak marang
bapak lan ibune, murih bapak
lan ibune bisa maringi restu.
Sapungkure Nurma shalat Maghrib ana
omah, bapak lan ibune lagi kondur saka shalat Maghrib ana langgar sisih
kulon omahe sing mung let limang omah. Saka kamar Nurma lamat-lamat bisa ngrungokake swarane
bapak lan ibune sing terus jaduman ana ngarep tivi...
“Pak, mosok sampeyan ngidinake Nurma nerusake S3 ana luwar negri?” pitakone ibune Nurma
marang bapake Nurma.
“Ora, bu. Wong umure Nurma wis 29 taun, wis meh 30 taun. Becike rak ya ningkah dhisik. Wong asile dadi dhosen rak ya wis
cukup...”
“Lha ya. Aku bingung karo anakmu
wadon iku. Sing digoleki apa maneh? Apa isih kurang
karo sing wis digayuh sasuwene
iki?”
“Hmm wateke anakmu pancen kaya mangkono.
Saben nduwe karep pengine terus digayuh, patuta nganti berdarah-darah.”
“Senajana mangkono, Nurma iku titipan saka Gusti kanggo awake dhewe,
pak.”
“Iya. Mula ora perlu digetuni utawa digawe beban. Nurma
pancen angel ditata, nanging iku rak ya kanggo apike Nurma.
Contone dheweke milih sekolah nganti
pawiyatan luhur,”
Sabanjure, apa sing dirembug karo
bapak lan ibune wis ora Nurma rungokake maneh. Dheweke terus mbukak cendhela
kamare. Mbulan-mbulan lan lintang-lintang katon kerlap-kerlip rame ngebaki
langit wayah bengi. Seje banget karo kahanan atine sing peteng ngrasakake
apa sing dirembug karo bapak lan ibune mau. Dheweke terus nyandhak hape sing
ana ing ndhuwur kasure...
Sindi,
suk Minggu
kowe longgar
gak? Aku pengin dolan nyang omahmu.
Ngono isi WA-ne Nurma sing dikirim nyang Sindi.
Iya,
Nurma. Suk Minggu aku longgar ana omah. Ngono isi balesane Sindi sing ora
let suwe langsung mlebu ing WA-ne Nurma.
Telung
dina candhake, Nurma nekani Sindi kanca rakete ana omahe. Omahe Sindi ora patiya adoh saka omahe, kira-kira
mung kacek limang kilometer. Mula mung perlu numpak sepedha motor watara
sepuluh menit, dheweke terus wis tekan plataran omahe Sindi. Ing ngisor wit pelem Sindi wis ngantu tekane Nurma.
Sapungkure
mudhun saka sepedha motor Nurma
langsung ngrangkul Sindi sinambi ngundang jenenge.
“Ayo
mlebu nyang omah,
nur.” Ngono kandhane Sindi sapungkure
uwal anggone rerangkulan karo Nurma.
Nurma
terus mlaku iring-iringan karo Sindi mlebu omahe Sindi. Nurma terus diajak mlebu
ing kamare Sindi, murih luwih menak anggone rembugan. Nurma manut. Sindi ngono
uga wis biyasa mlebu kamare Nurma.
“Sin,
bapak lan ibuku pengin aku ningkah dhisik sadurunge aku nerusake S3 ana luwar negri. Nanging penginku
S3 dhisik lagi ningkah. Hla
aku ki mumpung semangat kanggo kuliyah maneh.” Nurma
wiwit ngetokake uneg-unege marang Sindi.
“Kowe njaluk pendapatku ta, nur?” Sindi sing statuse wis
ningkah lan wis nduwe anak loro terus langsung njawab.
Nurma mung manthuk-manthuk, tanpa
nyuwara apa-apa.
“Aku ya padha karo bapak lan ibumu. Umurmu
rak wis meh 30 taun, terus asilmu minangka dhosen wis kagolong
cukup.”
Nurma
rada kuciwa.
Jebule jawabane Sindi padha apa sing
wis dikandhakake karo bapak lan ibune. Rada suwe Nurma
meneng, terus dheweke
njawab, “Aku pengin S3 dhisik, terus lagi mikirake ningkah,”
“Aku mudheng, nur. Nanging tetep
pikirna ngenani umurmu
sing wis sangsaya akeh. “Nanging
kabeh tergantung kowe. Aku mung bisa maringi pendapat...”
“Iya aku ngerti.”
“Nur,
aku nduwe adhi misanan, jenenge Fariz. Wonge sholeh, umure 25
taun, kerjane bakul sayur mubeng. Dakkenalne karo Fariz
ya?”
“Aku
dhosen kok arep kokantukne bakul
sayur?” pitakone Nurma.
“Mung kenalan. Mengko yen ora cocog ya
ora apa-apa.”
“Iya wis. Aku gelem.
Carane kenalan piye?”
“Gampang. Mengko Fariz dakkongkone liwat ngarep omahmu
nalika bakul sayur mubeng.”
“Oke.” Swarane Nurma semu
pasrah.
Sesok esuke,
dina Senin esuk. Kaya sing wis
dikandhakake Sindi sadurunge, wiwit esuk iku
saben jam setengah enem an, Fariz bakal liwat ngarep omahe
Nurma. Esuk iku wiwit jam setengah enem kurang
sepuluh menit Nurma wis lungguh ana
buk ngarep omahe. Ingak-inguk seprana seprene nganti
jam enem kurang seprapat jam nyatane sing
diantu-antu durung teka.
Tepak jam enem kurang sepuluh
menit, saka sisih kiwa jarak
seket meter saka papan lungguhe Nurma, ana bakul sayur lanang
numpak sepedha motor ngunekake klaksone terus kandha banter, “Sayur...!!! Sayur...!!! Sayur...!!!”
Krungu swara bakul sayur
lanang, Nurma terus ngadeg. Ora let suwe bakul sayur iku
mandheg ngarep omahe, terus digrudug karo akeh ibu-ibu. Malah uga digrudug karo
bocah-bocah sekolah. Nalika isih rame sing tuku, Nurma isih meneng wae. Karepe
ngenteni sepi, murih bisa
omong-omongan kateg karo si bakul sayur.
Tenan. Sapungkure sing tuku kari
dheweke, Nurma mandengi bakul sayur iku rada suwe. Hmm lumayan lah...
kulite sawo mateng, ora nggantheng, nanging manis lan enak disawang!” batine
Nurma.
“Sampeyan mbak Nurma ya?” takone
bakul sayur iku.
“Iya. Sampeyan Fariz?” Nurma ganti
takon.
“Iya bener. Mbak Sindi wis crita
nyang aku ngenani sampeyan.” Fariz terus mesem.
Dina-dina
sateruse, nganti sasuwene rong minggu, saben jam setengah enem Nurma mesthi ngantu tekane
Fariz lan nyempetake kanggo omong-omongan. Wong Fariz bocahe menak diajak omong
lan ora ketinggalan jaman, mula Nurma
ngrasa cocog.
“Ah,
apa iya jodhoku bakul sayur?” panggresahe Nurma sabanjure.
“Wis ta, nur. Apa kowe ora eling yen
wis akeh kanca-kancamu sing ningkah. Kayata Sindi, Asna, Listi, Lukman, lan
Kukuh. Malah Sindi wis nduwe anak loro, terus Asna lan Listi padha-padha nduwe anak siji.”
Sapungkure
rong minggu Nurma terus-terusan kepethuk karo Fariz nalika tuku sayur, sabanjure dumadakan Fariz
ora katon. Nurma cepet-cepet nakoni Sindi, arep arepane
Sindi ngerti ngenani “ilange” Fariz, nanging
Sindi ora ngerti. Nurma njur nyuwun
nomer hapene Fariz nyang Sindi,
nanging jebule Sindi
ora nduwe nomer hapene Fariz.
Nalika Nurma isih bingung
nggoleki Fariz sing dumadakan “ilang” saka pandelenge, sawijining sore ana ibu-ibu teka mertamu nyang omahe Nurma. Nurma
bingung, sasuwene iki ngrasa ora tepung karo ibu-ibu sing teka
mertamu. Apa maneh sandhangan lan
dandanane ibu-ibu iku modis lan pas. Hla biyasane kanca-kancane bapak lan ibune
ora ana sing sandhangan lan dandanane modis kaya mangkono. Nanging Nurma bareng bapak lan ibune tetep nyumanggakake
ibu-ibu iku kanthi polatan sopan.
Ibu-ibu iku terus
ngudharake karepe teka mertamu. “Bapak
kaliyan ibune Nurma, kula ibune Fariz. Fariz lan bapake nggih pengin
ngriki, nanging wonten tangga ingkang meninggal, dadose mboten saged ngriki.
Napa nak Nurma purun dados sisihane Fariz?”
Bapak lan ibune Nurma sing
ya wis tepung karo Fariz mesem lega. Batine seneng, akhire ana sing nglamar anak
tunggale. Bapake Nurma terus njawab karo mandengi Nurma. “Kula
kantun ndhuke mawon, bu.”
“Kula
perlu tepang rumiyin kalih Fariz, bu. Kula niki tepang Fariz nembe kalih minggu.”
Nurma terus njawab.
“Fariz
sampun tepang nak Nurma kalih taun.”
Nurma
mlenggong. “Maksudipun ibu pripun?”
“Fariz
niku mahasiswa ne nak Nurma, mahasiswa transfer D3 teng S1.”
“Dados
Fariz niku kuliyah kalih sadeyan sayur?” takone Nurma sabanjure.
Ibune Fariz ngguyu. “Fariz
niku sampun kerja dados karyawan pemerintahan kabupaten ngriki, nak. Rombong sayur
niku rombonge tangga. Tangga rak nembe babaran, lajeng usaha sayure diiderake
kalih Fariz.” Ibune Fariz njur nduduhake sawijining poto sing ana ing hapene nyang Nurma.
Nurma
njomblak ngerti poto iku. “Niki Daffa mahasiswa kula. Nek kalih Daffa kula
tepang.”
“Lha
nggih. Kula rak sampun sajaran. Nami lengkape anak kula Daffa Al Farizy. Wonten sing ngundang Daffa, wonten sing ngundang
Fariz.”
Nurma
mbatin, “Geneya aku ora bisa ngenali Daffa nalika bakul sayur ya? Ah...”
Bapak lan ibune Nurma sing
wiwit mau melu nyimak cecaturan antarane Nurma lan ibune Fariz, saiki ngerti
sapa sejatine Fariz.
“Pripun?”
Ibune Fariz nakoni Nurma.
“Kula
purun. Lajeng kula pengin langsung ijab dalu niki.”
Bapak
lan ibune Nurma uga ibune Fariz kaget.
“Pak, bu, nak Nurma. Mangke dalu
sagede nembe ijab siri.”
“Mboten
masalah. Ijab siri mawon rumiyin.”
Nurma njawab tenanan.
Ibune Fariz terus mandengi bapak lan
ibune Nurma. “Pripun, pak, bu?”
“Siri rumiyin mboten masalah, bu.”
bapake Nurma njawab karo makili bojone sisan.
“Mangke
enggal daftar teng KUA lo nggih,” Ibune Fariz kandha mangkono karo genti genten
mandengi Nurma lan bapak ibune.
“Nggih,
bu.” Nurma bareng bapak lan ibune njawab meh bareng.
Ibune
Fariz terus pamit mulih. Sabanjure Nurma nangis seneng ana kamare. Tekane lamaran pancen dadakan,
nanging tekane lamaran iku kaya tekane pelangi wanci sore.

Komentar
Posting Komentar