Crita Romansa "Urip Anyar"

URIP ANYAR
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 17 Minggu IV Desember 2019)

Embuh wis kaping pira Satya ngadoh saka omah. Ora amarga dheweke ora bekti marang wong tuwa lan keluwarga, nanging dheweke ngupaya ngguwak lelakon-lelakon jaman kepungkur sing nyedhihake. Kasil ngguwak siji lelakon, nyatane malah terus njedhul lelakon-lelakon liyane sing ora kalah nyedhihake. Ngono sateruse, nganti Satya ngejarna lelakon-lelakon iku ketutup akeh lumut lan saiki dadi lapuk. Satya ngerti, kabeh lelakon sing dumadi marang dheweke ora pisah dhewe-dhewe, nanging kaya gerbong sepur sing ana hubungane antarane siji lan sijine.
Telpun mau bengi saka Anum adhine sing ngabari yen ibune gerah, nggawe dheweke kudu mertimbangne maneh keputusane tetep ngadoh saka omah.
“Ibuku gerah, apa iki pratandha supaya aku ora ngadoh maneh saka keluwarga?” Satya takon alon marang awake dhewe.
“Njupuk cuti wae, Satya. Cutimu ing setaun ana rong minggu lo.” Nares maringi pendapat sapungkure ndeleng praupane Satya sing katon bingung.
“Gaweyanku isih akeh. Mari cuti mengko rak gaweyanku sangsaya akeh.” Satya terus nyawang langit-langit teras kose, sabenere dheweke ya pengin mulih.
“Gaweyan ing Jakarta kene yen kokturuti ora ana enteke. Dina iki gaweyan bubar, sesok ana gaweyan maneh, terus sesok lan sesoke ya ana gaweyan maneh. Wis ta, njupuk cuti wae.”
Satya meneng, durung bisa njawab.
“Terus kapan awake dhewe ningkah yen sing kokurusi gaweyan wae?”
Satya ngguyu cekikikan ndeleng praupane Nares sing kebak pengarep. “Kok dadi ngrembug urusan iku?”
“Hla kowe ora peka, mula dakwiwiti ngrembug.”
Satya ora njawab, nanging isih ngguyu wae.
            “Satya, aku melu ya. Aku pengin nglamar kowe.”
            “Aja!” Swarane Satya sing kebacut cepet lan banter nggawe Nares kaget. “Hmm maksudku aja saiki, Nares. Aku durung siyap. Aku durung ngerti, kepriye kahanane ibuku saiki. Aku janji, yen kahanan sakabehane wis apik, aku bakal ngajak kowe. Ya?” Satya njur ngatupake loro tangane ana ngarep dhadane.
            Nares ambegan sedhela, praupane kuciwa. “Ya.”
Nares wis yakin yen Satya iku calon sisihane sing digoleki sasuwene iki, mula pengin cepet-cepet ndang ningkahi Satya. Nanging Satya isih butuh bukti komitmen saka Nares, amarga kanggone dheweke komitmen dadi babagan paling wigati saka ngadege urip omah-omah.

            Akhire Satya njupuk cuti kanggo mudik nyang desane. Kutha Ngawi dadi seje sawise enem taun dheweke tinggalake. Lampu lalu lintas sangsaya akeh. Sawah-sawah sangsaya suda, sing saiki ganti dadi kios-kios werna-werna ana pinggir ndalan.
            Kanggone Satya, ninggalake Sidowayah desane dadi siji bebungah sing ora bisa dijabarake. Apa maneh pakdhe Cipto gelem ngragadi kuliyahe nganti rampung.
Taun-taun ana Jakarta, dheweke arang bisa turu angler. Saben ndina dientekake kanggo aktivitas nganti lingsir wengi. Kuliyah esuk nganti sore, terus lanjut kerja bubar Isya nganti tengah wengi. Asile ora nguciwani. Gaji gedhe lan karier sing cepet munggah.
            Setaun ana Jakarta, Satya mulih nyang omah. Mripate kebak luh nalika ana bab wigati sing dikandhakake marang ibune, nanging ibune malah ora nganggep wigati. Dene bapake sing nalika iku kerja dadi buruh kayu ana alas Banjarejo ora bisa mulih.
            “Kowe metu saka kuliyah terus milih kerja? Mbiyen kowe dhewe sing gelem kuliyah diwragadi pakdhe Cipto.” wangsulane ibune sapungkure Satya ngetokake uneg-unege.
            “Mangke saged mbelet kuliyah malih, bu. Mangke Satya nyobi nglebeti kampus ingkang radi santai, ingkang mboten ketat kados ngeten niki.”
            “Apa ora bisa dikrasanke? Yen kowe milih metu, ibu dadi isin karo pakdhemu.”
            “Pakdhe Cipto ketingale mboten ikhlas ngragadi Satya, bu. Ketingale pakdhe Cipto nyuwun bales budi saking Satya.”
            “Oalah, Satya. Wis ngene wae. Yen pakdhemu nyuwun bales budi, balesana wae yen kowe bisa mbales budi nalika wis nduwe dhuwit cukup.”
            “Bu...
            “Rampungna kuliyahmu dhisik. Aku yakin pakdhemu bakal maklumi kowe.”
            Satya mung bisa manut ibune.
            Rong taun ana Jakarta, Satya mulih nyang omah. Manut isi sms-e saka Anum adhine, ana urusan wigati sing kudu dimangerteni Satya dhewe. Bareng tekan omah sapungkure jaduman karo keluwarga, Satya nakoni ibune ngenani urusan sing wigati iku. Ibune ora njawab. Anum lan bapake ya ora bisa njawab. Bengine terus ana tamu. Tamu iku keluwargane pak lurah, niyate kanggo nglamar Satya kanggo Tama putrane pak lurah.
            Tanpa basa-basi bengi iku uga Satya nulak lamarane Tama. Bapak lan ibune Satya ora ndadekake perkara, amarga sing bakal nglakoni Satya. Tama lan bapak ibune uga ora ndadekake perkara. Nanging ing njaba swarane warga desa ora menak dirungokake. Satya dianggep sok jual mahal lan ora ngregani keluwargane pak lurah. Mula Satya terus cepet-cepet mbalik nyang Jakarta senajan isih ana wektu prei.
            Telung taun ana Jakarta, Satya mulih nyang omah. Anum ningkah, lan dheweke minangka mbakyu kandhunge nduwe karep nekani.
            “Sepurane, mbak. Sabenere dudu mas Tama sing dakpengini. Nanging aku ora bisa nulak wong kaya mas Tama.” Nalika tamu wis akeh sing mulih, nalika omah wis sepi, Anum ngetokake uneg-unege marang Satya.
            Satya ngelus-elus sirahe Anum. “Ora apa-apa, Anum. Aku malah sing nyuwun sepura. Amarga kowe sing berkorban kanggo aku.”
            Satya lan Anum terus nangis bareng. Pikirane Anum pancen luwih prasaja tinimbang Satya. Sing dipengini ora sekolah dhuwur-dhuwur, penting sawise sekolah bisa ningkah terus bisa ngurusi omah lan nggulawentah anak kanthi apik.
            “Aku ora kuwat mbak ngrungokake tangga-tangga sing padha ngunek-unekake sampeyan gara-gara sampeyan nulak lamarane mas Tama.”
            Satya mesem. “Omongan kaya mangkono ora perlu kokrungokake.”
            “Nanging aku ora menak karo sampeyan, mbak.”
            “Ora apa-apa. Iku tegese mas Tama pancen jodhomu, dudu jodhoku.”
            Patang taun ana Jakarta, Satya mulih nyang omah sawise diwisudha. Satya milih mulih ora bareng bapak, ibu, Anum, lan Tama sing sadurunge padha nekani wisudhane, amarga isih ana gaweyan sing perlu digarap.
“Sat, pakdhe Cipto kok ora teka ing wisudhamu? Apa ora kokaturi teka?” pandangune bapake nggawe Satya kudu nangis. Nanging dheweke isih bisa ngampet.
            “Sampun kula aturi, pak. Menawi pakdhe Cipto nggih wonten perlu.” Satya mung bisa ngapusi bapake. Amarga sasuwene iki dheweke terus ngadoh saka pakdhene.
            “Ana perlu kok nganti ora teka? Wisudhamu rak ing dina Minggu...” Ibune ganti ngendika.
            “Bisnise pakdhe Cipto kathah, bu.” Satya njawab sakecandhake.
            Sabanjure Satya ambegan lega amarga ora didangu bapak lan ibune maneh.
            Limang taun ana Jakarta, Satya cepet-cepet mulih nyang omah sawise Anum ngabari liwat telpun yen bapak tinggal ndonya. Ing omah wis ora ana eseme sing katon. Sing katon mung praupan sedhih lan eluh dleweran nelesi pipine. Semono uga karo Anum lan ibune. Mung Tama sing isih bisa ngajak jaduman para tamu sing teka.
            “Mugi-mugi swargi bapak ditampi dening Gusti.” Nalika arep mbalik nyang Jakarta Satya mung bisa kandha mangkono, lan wis ora bisa maneh pamit nyang bapake.

Saiki, sawise enem taun ana Jakarta, jam siji awan bis sing ditumpaki Satya mandheg ing protelon Sidowayah. Satya terus numpak ojek sing mangkal ana sekitaran kono. Sawise ngliwati stasiun Kedunggalar, Satya cukup aba ngidul sedhela, omahe wis ora adoh maneh.
            Lagi wae mudhun saka ojek, isih ing plataran omah, Anum cepet-cepet nyedhaki terus ngrangkul Satya kebak rasa bungah.
            “Mbak Satya...!!! Ngono swarane Anum sing sepisanan.
            “Anum..!!! Ibu piye?”
            “Ana ing kamarmu, mbak.”
Kekarone terus uwal saka anggone rerangkulan, terus bareng-bareng mlebu nyang njero omah. Sawise nyehelake tas lan kabeh gawan, Satya sedhih ndeleng ibune sing katon kuru lan lemes ngglethak ana ndhuwur kasure. Satya mung bisa muni “Ibu...” karo ngambung astane ibune bola-bali.
            Tinimbang ndek wingi, saiki ibu wis rada sehat, mbak.” ujare Anum.
            “Alhamdulillah.” Satya ngucap syukur marang Gusti.
            Sabanjure Satya mlebu ing kamare Anum. Ing kana ana Nuril anake Anum sing lagi umur enem sasi. Mripate Satya dumadakan krasa panas. Karo ngambungi pipine ponakane iku Satya kandha, “Dadia wanodya sing solehah ya, ndhuk. Muga-muga dalan uripmu mbesuk luwih apik tinimbang aku lan ibumu...

            “Nares, apa kowe ora getun nekani omahku sing prasaja iki, terus tekane mrene numpak bis disambung ojek?” Satya nakoni Nares nalika dheweke bareng Nares lungguh-lungguh ing gubuke sawah sing manggon ana mburi omah.
            “Nyang endi wae angger karo kowe aku ora getun, nanging malah seneng.” Nares njur ngethipake siji mripate.
            “Hiiihhh... nakal.” Satya njur ndhingkluk amarga kisinan.
            Nares nggegem tangane Satya loro-lorone. “Kowe hebat, Satya. Kowe bisa nggayuh tujuwanmu sedhuwur iki, lan kowe bisa dadi wanodya cerdas idamane akeh priya. Ningkah karo aku ya?”
Satya mandengi mripate Nares. “Kowe tenan gelem nampa aku? Aku rak wis...
“Aku percaya yen kowe ora nduwe daya nalika iku.” Nares munggel ukarane Satya.
            Satya nyawang pari-pari sing katiyup angin ana ngarepe. Hawa sore krasa adhem lan seger, persis kaya kahanan atine. Kabeh lelakon jaman kepungkur wis mati diulu bumi. Saiki wis ora ana alesan kanggo nulak lamarane Nares. Dheweke wis siyap mecaki urip anyar. Pakdhe Cipto sing ndadekake sukses lan nyolong status prawane uga wis dheweke paringi apura.

Komentar