Crita Cekak "Tresna Suci"

TRESNA SUCI
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 20 Minggu II Januari 2020)

Ngancik wayah sore mbah Lasmi tangi saka ngeloni Husna putune sing umur patang taun. Dheweke terus nyawang jam tembok sing nggantung ana sandhinge lemari kamar, nuduhake jam setengah telu. Husna putune sing nggletak lemes ana ndhuwur kasur disawang kebak rasa tresna. Husna sing pakulitane kuning resik, mripate bunder, lan rambute ireng ketel, mung turu karo bathuke dikompres andhuk cilik sing wis dicampur banyu anget. Bocahe ora kaya biyasane sing katon ceria lan playon mrana-mrene nalika dolanan bareng kanca-kancane ing plataran omah utawa ing sekolah Paud. Uga ora kaya biyasane sing criwis pinter omong lan mbabarake rasa bungah ing atine simbahe. Husna pancen dadi sumber bebungahe mbah Lasmi. Mbah Lasmi terus ngelus-elus sirahe Husna kanthi alus karo kandha, “Nduk, simbah ora nyuwun apa-apa saka kowe. Simbah mung nyuwun, kowe dadia bocah sing apik, solihah, lan manut karo simbah.”
Husna wus dadi bocah yatim piatu. Aden bapake lan Rista ibune wus ditimbali dening Gusti. Rista ditimbali Gusti luwih dhisik, yaiku nalika mbabar Husna. Nalika Rista ngandhut bayi kembare wolung sasi, dheweke rada dhepresi, terus ndadekake tensine dhuwur. Sabanjure terus digawa menyang rumah sakit, pungkasane loro bayine lair durung mangsane kanthi persalinan operasi. Sayange sing bisa dislametake mung bayi sing dijupuk dhisik karo pak dhokter, yaiku Husna. Husnul sedulur kembare Husna nalika dijupuk wis ora slamet. Sabanjure Rista isih bisa sadhar sawetara wektu. Nanging ora let suwe terus nututi Husnul sing ora slamet amarga tensine ora mudhun-mudhun.
Dhokter uga wus nate ngendika yen ana resiko gedhe nalika ngandhut bayi kembar. Kayata hipertensi kanggone ibu sing ngandhut, perdarahan ibu sing luwih akeh, depresi ibu sabubare mbabar luwih gedhe, bayi bisa lair durung mangsane (prematur), bayi bisa lair kanthi bobot cilik, nganti kematian ibu lan bayi. Antuk ngendika kaya mangkono Rista ora ndadekake perkara. Wiwit sepisanan dheweke ngerti yen janin sing dikandhut kembar, dheweke malah seneng, ora ana rasa wedi amarga ngandhut luwih saka siji janin, lan pengin banget bisa nglairake normal.
            Senajan Aden, keluwargane Aden, lan keluwargane Rista sedhih ngerti Rista lan Husnul ora bisa dislametake, kabeh isih seneng ngerti Husna slamet, utamane Aden. Mula sawise diantukake mulih Husna terus digawekake jenang abang, karepe murih tansah slamet, waras, lan dawa umure. Seminggu saka dina laire Husna uga langsung diakikohi.

Kabeh takdir pancen kagungane Gusti, lan sing ngerti ya mung Gusti. Enem sasi sawise Husna lair, Aden kacilakan tunggal nalika mulih saka papan kerjane numpak sepedha motor. Kabeh keluwarga sedhih maneh, utamane mbah Lasmi ibune Rista. Awit Aden ngono anak nomer enem, anak ragil. Kabeh mas-mase lan mbakyu-mbakyune urip omah-omah ana njaban kutha, lan wong tuwane wis tinggal ndonya kabeh. Mokal ana sedulur kandhunge Aden sing bisa dijak gentenan ngopeni Husna ana ndesa. Bojone mbah Lasmi uga wis tinggal ndonya. Nanging mbah Lasmi isih nduwe pengarep-arep marang Fadil, adhine Rista siji-sijine sing isih kelas telu SMA. Sedulur kandhunge Rista ya mung Fadil, lan Rista minangka anak pembarep. Saiki mbah Lasmi ngantu tekane Fadil sing isih tuku obat panas saka apotek cedhake puskesmas.
            Nalika jam tembok nuduhake jam telu kurang seprapat jam, Fadil mulih nggawa sirup Paracetamol, njur cepet-cepet dicaosake ibune.
            “Wis ndang tinggalen nggarap PR utawa sinau, dil. Aku bisa dhewe ngombeni Husna obat.” Ngendikane mbah Lasmi marang Fadil.
            “Nggih, buk.” Fadil terus ninggalake ibune, milih mlebu nyang kamare.
Mbah Lasmi gage nggugah Husna. Husna cepet anggone tangi.
Nduk, kowe mau rak wis mangan ta?” Mbah Lasmi nakoni Husna.
“Wis, mbah.”
            “Ayo ngombe sirup dhisik.”
“Ngombene pirang sendok, mbah?”
“Rong sendok.”
Mbah Lasmi nyawisake sasendok sirup, terus diombekne Husna. Ora let suwe terus ngombekne sirup sasendok maneh. Sabanjure ngiling banyu putih saka teko nyang gelas, uga diombekne Husna. Mbah Lasmi seneng ngerti Husna menak ngombe sirup Paracetamol.
“Mbah, aku dakterus ndeleng tivi wae.”
“Iya ayo. Arep ndeleng apa?”
“Upin ipin karo sopo jarwo, mbah.”
Mbah Lasmi karo mesem getir nggendhong Husna nganti kursi  ana ngarepe tivi. Bahune sing wis tuwa krasa lara nalika kudu nggendhong putu. “Yen ora aku, terus sapa maneh sing arep nggendhong putuku?” sambate mbah Lasmi ana njero ati.
***
Sesuk esuke watara jam setengah pitu, sapungkure Fadil pamit budhal sekolah, mbah Lasmi nggugah Husna. Mau bengi Husna anggone turu angler banget, mula sapungkure Fadil budhal sekolah mbah Lasmi lagi wani nggugah.
Na, Husna. Ayo tangi, nduk!” Ngono kandhane mbah Lasmi karo ngoyo-oyog awake Husna.
Husna molet, melek sedhela, terus merem maneh. Nalika mbah Lasmi ndemek gegere Husna arep nangekne, kaget. Awake Husna panas.
“Geneya karo putuku? Kamangka mau sore wis dakombeni sirup,” takone mbah Lasmi marang awake dhewe.
            Cepet-cepet mbah Lasmi ganti sandhangan, uga ngganteni sandhangane Husna. Sabanjure mbah Lasmi njaketi Husna, terus cepet-cepet njupuk dhuwit sacukupe saka lemari dilebokne dhompet sing bakal digawa, terus numpak sepedha onthel tumuju puskesmas. Lakune mung bisa alon mecaki dalanan desa sapinggire Bengawan Solo. Sabenere mbah Lasmi nduwe siji sepedha motor, nanging ora bisa numpaki. Mula sepedha motore digawa Fadil sekolah.          
Ing sisih kiwa dalan langsung wates karo galengan sawah. Ing sisih tengen langsung wates karo kebon tebu. Dalan sing diliwati ora kabeh alus, ana dalan sing durung aspalan. Kadhangkala kudu ngliwati dalan lemah abang, lan kadhangkala kudu ngliwati dalan cor beton. Nanging isih tetep akeh dalan aspalan sing diliwati. Senajan jarak puskesmas saka omahe ana telung kilometer, senajan tenagane wis ora sekuwat nalika isih enom mbiyen, mbah Lasmi terus nggenjot sepedha onthele. Lerene nggenjot mung nalika dalane munggah utawa mudhun, iku wae tetep nuntun sepedha onthele karo mlaku.
“Badhe tindak pundi, mbah?” nalika mbah Lasmi wis mlaku antuk sekilo, dumadakan ana swara wong takon sawise wong takon iku ngendhegake sepedha motore.
“Badhe teng puskesmas mriksakne Husna, bu guru Aini.” Mbah Lasmi wangsulan sawise ngendhegake sepedha onthele.
“Kula terake, mbah. Sepedha onthele dititipake teng paud mawon. Paud rak mpun celak saking ngriki.” tawane bu Aini.
“Nggih, bu. Matur nuwun.” Mbah Lasmi wangsulan gelem.
Sawise mbah Lasmi nitipake sepedha onthele ana Paud, bu Aini terus nggonceng mbah Lasmi lan Husna ana sepedha motore, Husna dicepit ana tengah. Sadurunge ana sing munggah sepedha motor bu Aini takon, “Dados Husna dinten niki mboten mlebet sekolah, mbah?”
“Mboten, bu. Lha niki awake panas.”
“Mugi-mugi enggal waras, mbah. Mpun mangga minggah.”
Bu Aini terus munggah nyang jok sepedha motore. Mbah Lasmi lan Husna uga melu munggah, manggone ana mburine bu Aini.
***
Tekan puskesmas bu Aini markirake sepedha motore ana papan parkiran. Ing kana durung akeh sepedha motor sing diparkir. Bu Aini bareng mbah Lasmi lan Husna terus tumuju nyang loket pendhaftaran, sabanjure terus lenggah ana ruwang tunggu. Ora perlu nunggu suwe ana ruwang tunggu amarga mbah Lasmi antri dhisik dhewe. Mula mbah Lasmi lan Husna cepet wae ditimbali bu dhokter Mega murih mlebu ruwangane. Dene bu Aini tetep ngenteni ana ruwang tunggu. Husna ngglethak ana ndhuwure kasur, terus dipriksa bu dhokter Mega nganggo stetoskop. Sabanjure bu dhokter Mega ngajak mbah Lasmi lenggah adhep-adhepan, ing tengahe ana meja kerjane.
“Mbah Lasmi, bentere Husna kawit dinten menapa?” bu dhokter Mega miwiti rembugan.
“Kawit wingi siang, bu.”
“Wonten dalem sampun ditambani menapa?”
“Wingi sonten kula mimiki sirup Paracetamol.”
“Dalune mboten dimimiki?”
“Mboten.”
“Ngaten, mbah Lasmi. Bentere Husna tigang dasa sanga drajat, niku klebet inggil. Dados Husna kedah dipun opname teng ngriki.”
Opname niku kados pundi, bu?”
“Dipun tambani wonten ngriki, nginep wonten ngriki.”
            “Nginep pirang dinten mangke?”
            “Kinten-kinten tigang dinten kalih dalu.”
“Dhuh Gusti, geneya kula kedah nampi sungkawa niki? Geneya Husna putu kula kedah sakit panas lan kedah opname? Kula mboten gadhah arta, Gusti.” Mbah Lasmi mung bisa sambat ana njero atine.
Awake mbah Lasmi krasa lemes, lan mripate krasa panas. Eluhe wis kudu tumetes. “Kula mboten gadhah arta kangge wragad opname-ne Husna, bu.” Mbah Lasmi kandha apa anane tanpa ditutup-tutupi.
            “Panjenengan kagungan kartu BPJS napa mboten?” bu dhokter Mega terus takon.
            Mbah Lasmi gedheg-gedheg. “Mboten gadhah, bu.”
            Opname-ne Husna kersane kula ragadi. Dados mbah Lasmi mboten perlu mikiraken wragade, nggih.”
            “Saestu, bu?”
            “Nggih, mbah. Nanging sabibare Husna opname, mbah Lasmi kedah ngurus kertu BPJS, nggih.”
            “Nggih, bu. Mangke lajeng kula uruse. Matur nuwun, bu dhokter.” Mbah Lasmi terus ngambung astane bu dhokter Mega bola-bali. Batine bola-bali ngucapake syukur marang Gusti sing tansah maringi dalan kepenak kanggo dheweke.
Matur nuwun, Gusti. Kula bakal terus maringake tresna suci niki kagem Husna nganti kula mati.” batine mbah Lasmi sapungkure metu saka ruwangane bu dhokter Mega.

Komentar