Crita Romansa "Secuwil Kenangan"

Secuwil Kenangan
Dening : Naima Janatin Akbar
(kapacak ing majalah Jayabaya No. 21 Minggu III Januari 2020)

Surup wis gumanti bengi. Ana ngarepe tipi wis kagelar klasa. Ana ndhuwure klasa wis cumawis loro piring sing ukurane padha, loro-lorone kosong durung kaisi apa-apa. Isih ana loro piring liyane sing ukurane uga padha, kaisi panganan godhogan sing isih panas, kadeleng saka anane keluk kebul-kebul ana ndhuwure loro piring iku. Piring kapisan isi siomay cacah loro, tahu cacah loro, lan endhog cacah loro. Piring kapindo isi kentang cacah loro lan bonggolan kubis cilik cacah loro. Terakhir ana siji mangkok isi sambel kacang.
            Cendhela sandhinge tipi kabukak amba. Lintang-lintang katon kerlap-kerlip ing langit. Senajan ora ngepasi padhang mbulan, mbulan sabit sing kaya nggantung ing langit nambahi endahe langit bengi. Hawa adhem terus teka kegawa angin, nggawe awak melu adhem. Aku terus ngrapetake slerekan jaketku nganti gulu.
            “Cendhelane kula tutup nggih, bu.” kandhaku marang ibu.
            “Iya, un. Tutupen.” ibu sing lenggah ana ndhuwur klasa, ana sandhingku, cepet wangsulan.
            Aku terus ngadeg nutup cendhela.
            “Mbakmu seneng karo...” ibu ngendika sawise aku lungguh ana klasa maneh.
            Aku mung mesem karo manthuk-manthuk, ora wani njawab apa-apa. Yen aku njawab, aku wedi ibu bakal sedhih maneh. Mbak Nimas pancen seneng karo siomay. Malah yen nalika dina prei sekolah utawa prei kerja mbiyen mbak Nimas asring nggawe siomay dhewe, lan aku melu diparingi. Kamangka aku ora melu repot ngewangi nggawe ana pawon.
            “Bapak mpun bidhal teng tontonan, bu?”
            “Wis. Ayo ndang dirasakne, un. Mumpung isih anget.” ibu wangsulan.
            “Ibu rumiyin mawon.” jawabku.
            Ibu terus njupuk siji siomay, siji tahu, siji endhog, siji kentang, siji bonggolan kubis cilik, lan terakhir njupuk sambel kacang telung sendhok. Sisane terus dakjupuk kabeh kejaba sambele. Aku milih njupuk sambel kacang mengko wae.
            Saiki ana loro piring sing wis kaisi siomay. Sabenere aku ora seneng karo siomay, uga ora seneng karo gadho-gadho. Aku luwih seneng karo batagor. Aku pancen luwih seneng karo batagor sing digoreng tinimbang siomay utawa gadho-gadho sing digodhog. Nanging siomay iki panganan senengane mbak Nimas, lan dheweke sangsaya seneng nalika pangeran atine ya seneng siomay, lan sabanjure mbak Nimas bareng pangeran atine asring jajan siomay ana sekitaran Solo Grand Mall.
            “Gak nganggo sambel kacang? Biyasane kowe rak seneng pedhes...
            “Sambele mangke mawon, bu.”
            Antarane aku lan ibu durung ana sing miwiti maem. Aku melu sedhih ndeleng ibu sing katon sedhih.
“Ndang dimaem...
            “Nggih,”
“Un, ndang dimaem.” Ibu ngendika maneh sawise ngerti aku durung maem.
            Tanpa njawab aku langsung nyudhes panganan godhogan ana piringku nganggo garpu, njur dakirisi cilik-cilik nganggo sendhok. Nyudhes lan ngirisine siji-siji. Sabanjure kabeh sing ana piringku dakcampur terus daksiram nganggo sambel kacang limang sendok, terus lagi dakmaem. Daksawang ibu malah durung nyendhok siomay, pasuryane isih katon sedhih nyawang siomay ana piringe. Ibu terus ngendika “Aku daknyusul bapakmu, un.... Aku durung nganti njawab ibu langsung ninggalake aku dhewe ana ngarep tipi.

            Saben ana tontonan kethoprak utawa wayang kulit ana cedhak omah kaya ngene, aku asring mulih saka papan kerjaku sing ana Jogja. Nanging wis rong taun pungkasan aku arang mulih, jalaran aku ora kuwat krungu ibu terus-terusan nuduh aku sing njalari tinggal ndonyane mbak Nimas. Malah ibu nate ngusir aku saka omah...
            Nanging saiki aku mulih. Mulih minangka anak sing bekti marang wong tuwane. Alhamdulillah ibu nampa aku tanpa nuduh utawa nyalahake aku maneh.
“Mbak Seruni, sampeyan digoleki mas Natha.” Dumadakan ana bocah nom-noman lanang ngandhani aku kaya mangkono, karo nuding pawongan lanang kuru dhuwur sing mesemi aku, terus bocah nom-noman lanang iku cepet-cepet ngalih.
            Aku ndredheg. Krungu jenenge wae wis ndredheg, apa maneh ndeleng eseme sing manis. Ya mesem iku sing mbiyen nggawe kembang atiku mekar. Nanging ya mesem iku sing nggawe aku nangis, tepake nalika mbak Nimas kandha langsung nyang aku yen nganggep mas Natha spesial.
Sepedha motore para penonton terus teka ndlilir. Desaku dadi luwih rame tinimbang biyasane. Penonton nom-noman lan para sepuh saka desa liya uga katon teka.
            “Un...” Swarane mas Natha nggawe rasa ndredhegku sangsaya ndadi.
            “Jajan apa mengko?” Mas Natha terus mesem.
            Aku isih meneng. Aku pancen kudu bisa nguwasani ati supaya ora ge-er. Mesem iku durung temtu kanggoku sawutuhe lan selawase, senajan saiki mbak Nimas wis ora ana.
“Siomay?”
            Aku gedheg-gedheg.
            “Oh ya. Kudune aku gak nawani kowe iku. Batagor?”
            Aku isih gedheg-gedheg.
            “Bakso, penthol, srabi, cemue, apa wedhang ronde?” Mas Natha terus nakoni aku.
            “Aku ora pengin jajan.” Akhire aku njawab.
            “Ngapa kowe nekani kethoprak iki, un?” Pitakonan iku nggawe aku mringis.
            “Dudu kanggo kowe.” jawabku rada judhes.
            “Kanggo ngelingi kenangan mbiyen?”
Sirrr...!!! Saiki atiku kaya keiris. Ana lara sing wiwit dakrasakne.
            “Un, mbiyen awake dhewe rak cedhak...
Nyatane sing padha seneng iku aku lan mas Natha, dudu mbak Nimas lan mas Natha. Nanging ibu ora nyarujuki sesambunganku karo mas Natha. Ibu sarujuk yen mas Natha ningkah karo mbak Nimas. Krungu kaya mangkono mbak Nimas seneng, nanging mas Natha ora seneng. Mula mas Natha terus ngajak aku metu nyang sekitaran Solo Grand Mall kanggo ngrembug perkara iku, sinambi nraktir aku siomay, jajan senengane mbak Nimas.
            Ora dinyana, jebule mbak Nimas ngerti aku lan mas Natha berduaan. Mbak Nimas terus langsung mlayu mulih nerak udan deres. Aku kuwatir. Wong mbak Nimas nduwe lara lemah jantung. Bareng tekan omah awake panas, terus sesoke tinggal ndonya.
            Aku disalahake ibu entek-entekan, mas Natha uga melu disalahake. Nganti seminggu ibu isih muring-muring wae. Bapak wis nyoba ngleremi, yen pati iku wis ditemtokake dening Gusti. Nanging ibu tetep nyalahake aku, lan saben ndina ngujar-ujari aku. Suwe-suwe aku ora kuwat. Mula sepuluh dina candhake saka mbak Nimas tinggal ndonya aku terus budhal mrantau nyang Jogja. Ngerti aku budhal mrantau nyang Jogja mas Natha pengin melu, nanging daktulak.
“Mas, aku pengin dhewe dhisik. Tulung aja ganggu aku... kandhaku marang mas Natha sadurunge aku budhal mrantau nyang Jogja.
“Ya, un. Ati-ati ya. Awake dijaga.” jawabane mas Natha nggawe aku lega.
Kabar sing dakrungu, mas Natha terus mrantau nyang Surabaya...
Wis rong taun aku gak kepethuk mas Natha. Hla saiki kok kepethuk. “Apa kepethukku karo mas Natha wis dadi takdire Gusti?” Pitakonku ana njero ati.
            Ibu pancen nggolekake priya paling tepak kanggo mbak Nimas. Mbiyen nalika ibu ningkah karo bapak, bapak wis nduwe anak mbak Nimas saka wedokan liya. Laire mbak Nimas ngono jalaran kacilakan ing njaban ningkah. Bareng bapak tanggung jawab ningkahi, terus wedokane mlayu lan nganti seprene ora mbalik.
Aku kadhang iri karo mbak Nimas. Dheweke sing dudu anak kandhunge ibu malah luwih digatekake ibu tinimbang aku sing anak kandhunge ibu. Ah...
            “Prei suwe?”
            “Mung Setu iki lan Minggu sesok. Lha kowe, mas?”
            “Aku wis ora kerja ana Surabaya maneh. Karo bapak lan ibu aku diutus nerusake usaha dagang klambi ana pasar Klewer.”
            “Oh.” Mung iku jawabanku.
            “Un, isih durung percaya ta yen rasaku mung kanggo kowe?”
            Aku mringis. Iku mung rayuan gombal apa kasunyatan sing dirasakne mas Natha?
“Mas Natha, tulung aja omong perkara ati maneh.” kandhaku ana njero ati.
            “Un, sesok awan jajan batagor ana sekitaran Solo Grand Mall yuk?”
            “Aku gak bisa janji, mas.”
            “Gak apa-apa. Mengko dakenteni ing papan biyasane ya? Aku uga arep kepethuk karo kanca-kancaku ing kana.”
            “Oke.”
            “Un, wis suwe aku ngenteni kowe. Yen ana tontonan kethoprak utawa wayang kulit ngene iki, aku mesthi kelingan kowe...
            Ana bapak lan ibuku, mas. Aku dhisik ya.” Aku terus cepet-cepet nyedhaki bapak lan ibuku sing ing kadohan katon ngladeni sing tuku cemue.
           
            Mbiyen aku seneng bisa ndeleng kethoprak utawa wayang kulit bareng kanca-kanca sekolahku. Aku seneng ndeleng bengi sing dumadakan dadi rame. Yen tontonane dumadi nalika padhang mbulan, wah... penontone sangsaya akeh. Terus nalika para bakul jajanan teka, aku lan kanca-kanca jajan sepuase. Nanging saiki wis ora bisa bareng-bareng maneh. Repot dadi salah sijining alesan sing kudu dimaklumi. Apa maneh akeh kanca-kancaku sing wis urip omah-omah lan nduwe anak.
            Sesoke aku budhal nyang Jogja esuk mruput, tanpa ngandhani mas Natha dhisik. Tujune bapakku ora protes esuk-esuk ngeterake aku nyang terminal Tirtonadi. Aku pancen kudu cepet-cepet budhal, supaya ora bisa kepethuk karo mas Natha. Uga supaya mas Natha ora bisa nemoni aku ana omah. Amarga biyasane yen aku gak ndang nekani pangajake, mas Natha terus marani aku nyang omah.
Saiki aku wis siyap nglalekne kabeh kenangan. Nanging cukup aku wae sing budhal. Bapak lan ibu supaya tetep ana omah nerusake usaha njait, bakul cemue, uga kerja tani. Aku yakin yen wektu bakal bisa ngilangake kenangan ngenani mbak Nimas saka pikirane bapak lan ibuku. Aku dakfokus kerja ana salah sijining konveksi ing Jogja dhisik wae.
            “Mas Adinatha Rahagi, cukup semene dhisik critane awake dhewe. Cukup dadi sacuwil kenangan dhisik wae. Gusti bakal nemtokake apa dadine mengko. Apa sacuwil kenangan iki tetep dadi sacuwil kenangan kanggo selawase, apa bakal owah dadi tresna lair batin sing wutuh... Pangucapku nalika aku wis munggah bis.

Komentar