Glanggang Remaja "SOKLAT"

SOKLAT

Dening : Naima Janatin Akbar

(kapacak ing majalah Panjebar Semangat No. 32, 8 Agustus 2020)

 

Setu awan mulih saka sekolah Ifah mung kerep meneng. Ora kaya biyasane, sing ceria, swarane cemengkling, lan akeh crita-crita lucu sing dicritakne sing nggawe gemuyune wong omah. Nalika didangu bapake, ibune, lan kangmase, jawabane cekak.

Bengine Ifah lungguh dhewe ana buk ngarep pager omahe, sinambi nyawang lintang-lintang ing langit sing kerlap-kerlip. Saumur-umur lagi sepisan iku Ifah ngrasa ora menak karo cowok. Biyasane nek karo cowok cecaturan apa wae ceplas-ceplos ngrasa santai. Hla awan iku mau krungu swarane Haidar kanca sakkelase dadi ngrasa kliru. Wiwitane Ifah minangka bendahara kelas nagih dhuwit kas saikhlase nyang saben kanca sakkelase. Kanca-kanca sakkelase menehi dhuwit ana sing sewu lan rong ewu. Nalika ngerti Haidar menehi limang atus Ifah komentar, “Kondhange sugih, nggantheng, pinter, menehi dhuwit kok mung limang atus. Nggumun aku, ngono kok akeh cewek sing nyedhaki kowe.”

Haidar langsung mandengi Ifah tenanan. “Iya. Wong sugih, nggantheng, pinter, nanging cethil ki ya aku. Yen ora seneng aku dicedhaki karo akeh cewek ya wis. Wong aku ya ora nggawe dolanan atine cewek sakmenak atiku.” Haidar terus metu saka kelas. Dene kanca-kanca sakkelas mandengi Ifah, karepe ngarep-arep Ifah murih gage nyuwun sepura. Nanging Ifah ora pedhuli, dheweke isih meneng, ngrasa ora kliru. Hla saiki wis tekan omah rasa ora menak ati lagi kerasa...

“Mas Adam, nek ngrasa ora menak nyang cowok apike piye?” Ifah langsung nakoni kangmase bareng ngerti kangmase lungguh ana sandhinge.

Mas Adam ngguyu. “Galau mikirne cowok ki?”

“Hiiihhh mas Adam. Aku mung ngrasa ora menak. Aku ora ana rasa nyang dheweke. Dheweke mau wis dakelek-elek ana kelas. Terus semaure ganti ora menak...” Ifah nyritakne kedadeyan ana kelas mau nyang kangmase.

“Saka ora menak ati terus dadi menak nyang ati.” Adam terus moyoki Ifah.

“Hiiihhh mas Adam. Piye enake, mas?”

            “Iya iya. Apike langsung nyuwun sepura nyang bocahe, dhik.”

 

            Sesuke, dina Minggu. Jam telu sore Ifah diutus ibune ngeterake gethuk kanggo Maisa mbak misanane. Tela menyok ana mburi omahe Ifah pancen akeh sing lemu-lemu. Mula terus dibedhol, digawe gethuk. Ifah ngeterake gethuk nyang papan kerjane Maisa, sawijining toserba. Omahe keluwargane Ifah ana sepuluh kilometer dhewe saka toserba iku. Yen ngeterake langsung nyang omahe Maisa tambah adoh, jalaran omahe Maisa isih sepuluh kilometer maneh saka toserba iku.

            Tekan toserba papan kerjane Maisa, Ifah kaget, jebule Haidar putrane sing nduwe toserba. Ifah sing lagi sakkelas karo Haidar ing kelas loro SMA iku, pancen sadurunge durung kenal karo Haidar. Haidar njupukne kursi kanggo Ifah lungguh, terus kandha, “Dienteni karo lungguh ana kene ya, fah. Mbakmu daktimbali dhisik...”

            “Iya.” Jawabe Ifah cekak.

Haidar njur mlebu nyang njero nimbali Maisa. Bareng kepethuk Maisa Ifah langsung ngudharake apa sing dadi utusane ibune mau, karo cecaturan sedhela, uga takon kabar keluwargane Maisa. Nalika cecaturan sedhela Ifah bisa ndeleng yen Haidar sregep. Senajan Haidar anak tunggal lan wis cetha bakal nerusake toserba duweke bapak lan ibune, nanging ora mung santai-santai wae. Haidar melu usung-usung barang saka njero nyang njaba, uga saka njaba nyang njero. Kadhangkala karo tata-tata lan ngrapekne barang-barang sing rusuh.

 

Sesuke, dina Senin, Haidar ulang taun. Ifah wis ngerti babagan iku wiwit seminggu kepungkur saka kanca-kancane utamane kanca-kanca cewek, jalaran Haidar pancen cowok idaman ana sekolahan. Kaya akeh cewek sing nyiyapake kadho kanggo Haidar, Ifah uga nyiyapake. Ifah wis arep nyelehake kadhone kanggo Haidar nyang slorokan mejane Haidar, terus kaget ngerti Haidar dumadakan mlebu kelas. Swasana kelas rada sepi, kira-kira mung ana bocah papat saliyane kekarone, jalaran liyane wis padha nyang lapangan upacara.

“Haidar, sepurane ya. Swaraku ndek Setu kae nglarani atimu. Iki ana kadho saka aku kanggo kowe. Selamat ulang taun ya.” Ifah terus menehake soklat kanggo Haidar.

Haidar mesem. “Iya. Wis dakwenehi apura sadurunge kowe nyuwun sepura.”

            Sorene mulih saka sekolah kanca-kanca sakkelas ditraktir Haidar jajan mie ayam ana warung cedhak omahe. Ing tengah-tengah maem mie ayam Yesi kanca sakkelas takon, “Haidar, kowe wis nduwe pacar apa durung?”

“Wis. Sing menehi aku soklat iki.” Haidar ngacungake tangane karo nuduhake soklat. “Jenenge Ifah.”

            “Cieee Ifah...” Kanca-kanca sakkelas langsung surak-surak.

Ifah kisinan, nanging ana njero ati ngrasakne seneng.


Komentar